Sabtu, 20 September 2014

Kitab Songgolangit 80-119


80
Reog Ponorogo muter alun-alun
Bujang ganong nyemplung segara
Adhan-adhang tetese embun
Kakean cangkem gawe ukara

81
Banua Banjar kebone amba
Nandur nanas dinggo panguripan
Becik ketitik ala ketara
Mangan sethitik golek kesaktian

82
Jaran kencak asli Lumajang
Gedhang slendang dowo mengkelung
Aja mbidung api rowang
Rowang negoro ojo kesandung

83
Tari kecak asale Bali
Listrik mati sak paran-paran
Ciri wanci lelawa ginowo mati
Mati sapisan ninggal ajaran

84
Komodo mbrangkang nyisir kali
Kali Brantas iwake sili
Endas gundul dikepeti
Alas gundul kudu ati-ati

85
Merauke pucuking negoro
Lemang ketan soko Sabang
Jalma angkara mati murko
Raduwe bondo uripe gamang 

86
Papua Nugini batase negoro
Wong Maluku dahar sagu
Kebo bule mati setro
Wong bule nggowo ratu

87
Golek rejeki menyang Malaka
Tumasek minulyo negoro cilik
Yen kencana katon wingka
Kencana ilang rekoso milik

88
Aborigin nandak mbeso
Tuku klepon nang Ostrali
Ono rupa nggendong rego
Marang wong tuwo ojo wani

89
Tuku nongko nang Mojokerto
Probolinggo pasare rejo 
Awit cilik urip sengsoro
Yen wis gede nggowo cidro

90
Rawon ireng akeh daginge
Daging wedus digawe sate
Virus flu cepet nulare
Nulari kabeh sak konco kancane

91
Rendang daging suguhan Minang
Daging sapi larang regane
Wong cebol nggayuh lintang
Sugih iwak  ombo laute

92
Soto babat digawe sarapan
Wite koro mrambat kawat
Perkoro ambyar kakean tangan
Tangan monco ojo gawat

93
Menyang kondangan nggawe batik
Candi bentar simbole propinsi
Kudu rindik asu digitik
Asu gede mati kuwalat
94
Borobudur warisan agomo bongso
Laku politisi nggowo amanat
Ojo ngelem legining gulo
Gulo jowo ngilang pegat

95
Nang Blauran tuku udeng
Udeng Meduro diubet rapet
Wong Papua tuku areng
Papua ilang negoro mumet

96
Wayang kulit cirine bongso
Ramayana golek penonton
Mikul dhuwur mendem jero
Ojo nggarahi si pangeran katon

97
Wedang kopi soko Ungaran
Menyang Medan tuku ulos
Kakean emosi dadi jalaran 
Kitab suci kudu diwaos

98
Buang sangkal menyang kawah
Kawah Bromo nggowo rejeki
Asu cilik nantang kerah
Cilik menthik nggowo bilai

99
Suling Cianjur merdu swarane
Swarane rakyat kanggo timbangan
Isuk dele sore tempe
Sore lara bengi kelangan

100
Coban Rondo arane curug
Banyu pancuran seger tenan
Ono emprit abuntut bedug
Bedug dhuhur gawe jalaran

101
Raja Ampat kanggo plesiran
Coto Makassar enak miroso
Kakean gludug kurang udan
Udan sepisan gawe rekoso

102
Jaran Kepang mangan beling
Barang rosokan didaur ulang
Jogo dhuwit dadi maling
Maling warto pinter ilang

103
Ngamen blusukan nggowo gitar
Blusukan politisi nggowo kebecikan
Lahir procot nggajah elar
Ilmu gajah gawe gondelan

104
Belajar disiplin menyang Nipon
Alas purwo ilang pamore
Ojo belo melu seton
Belo mlayu opo karepe

105
Tuku tempe menyang Amrik
Pulau Talaud akeh iwake
Dasamuko adu jangkrik
Jangkrik genggong ilang ngerike

106
Klepon ijo gawean Gempol
Kota Baru nggawe selendang
Wong cebol ngajak okol
Okol disandang akal ditendang

107
Dawet Kudus legit rasane
Gulo klopo gendero mojopahit
Durung ilang pupak lempuyange
Duwe plasma nutfah kudune medhit

108
Kenyal kenyil rasane cenil
Cenil sagu soko Maluku
Buto ijo kesandhung kerikil
Kerikil murup nggowo seteru

109
Kicir kicir dipincuk telu
Sayur asem lawuhe bader
Bathok bolu isi madu
Madu ayu ojo dieler

110
Mulih tandur gawe onde onde
Onde onde satenong suguhane
Yuyu rumpung mbarong ronge
Ilang lengo margo cilakane

111
Wedang ronde diunjuk anget
Numpak sepur mudun Surabaya
Angger sluman slumun slamet
 Urip tentrem lan minulya

112
Anget seger wedang angsle
Bakulan entek kari batine
Atlit negoro uripe memble
Ora cukup balas jasane

113
Sego gedhang digawe sarapan
Pepes lele dikemas ekspor
Waspodo yiyidan mungging rampadan
Ojo asal pinter nggacor

114
Kunir asem digawe wedang
Nongko londo diwadahi besek
Ungak ungak pager arang
Pagere negoro ojo dienyek

115
Jamu sinom didol galonan
Adu jago gawe ritualan
Nabok nyilih tangan
Tangan kutung dudu ukuman

116
Benges abang kanggonan lambe
Lambe turah ilang akal 
Ayo podo sregep nyambut gawe
Gawe opo wae pokoke kalal

117
Menyang pasar tuku beras
Beras larang rakyat nelangsa
Urip sepisan ojo digawe melas
Pribawane ilang ora krasa

118
Angon wedus  golek suket
Suket ilalang nggowo rejeki
Ojo dipikir yen nggarai mumet
Enggal podo  nglencer menyang Bali

119
Moco buku golek kepinteran
Buku iman tinggalane Pengeran
Anak akeh gawe jalaran
Urip soro kurang panganan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar