Sabtu, 20 September 2014

Kitab Songgolangit 40 - 89


40
Semut luwe mubeng dalan
Dalan pasar ora becek
Kriwikan dadi grojogan
Grojogan sewu banyune entek

41
Jangkrik upo ngerik rekoso
Alas roban ilang wite
Koyo banyu karo lengo
Lengo wohwohan akhir playune

42
Tawon madu mati keloro
Kebon agung kudu disayang
Liyo deso mowo coro
Deso ilang negoro ilang

43
Orong orong digawe sate
Sate kerang didol eceran
Baladewa ilang gapite
Werkudoro perang keteteran

44
Kupu gajah kelangan sungut
Celorot ngidul lintang ndaru
Priyayi agung manggut-manggut
Agung segoro digowo lindu

45
Manuk prenjak ngoceh ngamuk
Patrap pandito gawe tulodo
Bukak tumbu ora kemaruk
Tumbu kencana kagungan negoro

46
Undur undur kejegur sumur
Nyabrang segoro golek kepinteran
Raduwe swiwi kepingin mabur
Golek perkoro gawe jalaran

47
Wedus gibas diangon dewe
Semanggi Suroboyo gawe camilan
Sing waras ngalah wae
Pikiran sinting gawe sempalan

48
Sapi kangean dowo sungune
Bubur bekatul dinggo tombo
Ojo golek tukar padune
Golekono becike konco

49
Kebo bingung nyusu gudel
Nonton ludruk nang Bojonegoro
Lungo wurung ngajak duel
Untung sethitik ojo ngersulo

50
Pithik walik saba kebon
Mangan sithik ayem batine
Bareng ketemu ngajak kelon
Pungkasane podo nular penyakite

51
Macan loreng ilang buntute
Anak siji salah dalane
Lombok langka larang regane
Podo ditinggal woh tandure

52
Kebo bule diarak mubeng
Kerjo lembur disayang juragan
Kuping dubleg ora kepireng
Raduwe gawean rabiso mangan

53
Iwak sepat kanggo lawuhan 
Moto sayu ndamar kanginan
Pikiran sinting nandang kasmaran
Bareng dirabi akeh kekarepan

54
Asu kikik manak pitu
Melu KB anake loro
Marang wong tuwo kudu mituhu
Asuh bayi nandang soro

55
Kucing gering nggowo penyakit
Wong Osing soko Banyuwangi
Mrono mrene nyandang arit
Yen ngamuk ojo diladeni

56
Klopo geni gawe balbalan
Landak mlayu dibalang watu
Yen negoro kepingin aman
Ojo njarag lakune serdadu

57
Trenggiling mlungker nggowo pepiling
Loro ati gawe jalaran 
Keno pelet muter keliling
Rino wengi nandang kasmaran 

58
Kulit badak kanggo terbangan
Badak Jowo ilang cula-ne
Oyot gedang gawe panganan
Gak duwe konco ilang jatine

59
Kidang manak dicokot asu
Serabi Bandung akeh warnane
Menyang Mekah kawruh diangsu
Mulih kaji enteng sanggane

60
Gorengan welut digawe suguhan
Sugih bondo kurang gemati
Nyowo siji dadi taruhan
Golek panguripan nganti kepati

61
Tapir turu disiram banyu
Banyu kali rabiso mili
Awan isuk rabiso turu
Amergo mikirke gandolane ati

62
Jaran mbegar golek musuh
Kembang setaman gawe siraman
Dadi brandal gawe rusuh
Rino wengi nyandang gaman

63
Angkrang ngamuk disogok watang
Ngingu wedus dadi gawean
Kebat kliwat gancang pincang
Sawah sak kedok gawe gondelan

64
Kandhang sapi digawe omah
Gorontalo akeh kebon jagung
Nglakoni urip nandang sumarah
Suwe suwe dadi wong agung

65
Adus kali dicokot bajul
Manuk dedali miber kanginan
Oleh lotre atine mumbul
Nuruti ujar mangan garingan

66
Iwak bandeng digawe opor
Bantal guling kanggo sandingan
Ngelmu tuwo minongko oncor
Beras sak kepel gawe rebutan 

67
Bebek peking gurih miroso
Muter kampung nabuh kentongan
Batine sayah ora kroso
Bakal kelangan urip kewarasan

68
Budheng menek ditembak tibo
Jogo negoro menyang perbatasan
Tuku pikiran golek sing ombo
Pikiran sehat nggowo kepinteran

69
Cacing tanah digawe tombo
Soto Banjar nganggo santan
 Dagang cilik batine ora sepiro
Anak wedok digondol setan

70
Celeng ngamuk golek perkoro
Guru siji digawe rebutan
Sing loman dadi ndoro
Mati mulyo ono palagan

71
Kodok lemu dipangan ulo
Kembang kenongo gawe sesajen
Wong mbambung turu pendopo
Nandang sembahyang ojo kelalen

72
Gajah mati ketiban watu
Watu gunung dipecah wolu
Untu bogang mangan brutu
Kerjo magang dadi guru

73
Kadal sawah digawe jamu
Jamu pahit temu ireng
Ojo nggugah macan turu
Menang dadi abu kalah dadi areng

74
Kodok ngorek golek pasangan
Sanak kadang manjing seduluran
Kacang ora ninggal lanjaran
Goleko bojo gawe sandingan

75
Keong sawah kari siji
Guyub rukun agawe santoso
Sadumuk bathuk sanyari bumi
Bumine rusak ora kroso

76
Lawa mabur wayah wengi
Tangi isuk golek rejeki
Pedes tenan sambel kemiri
Ojo ngamukan dadi politisi

77
Merak mlayu diuber macan
Main HP ati ati kecanduan
Mlaku bengi golek kenalan
Kenalan ayu ndadak pocongan

78
Tikus pithi nggowo wangsit
Golek pangan nganti wengi
Urip mulyo nganakno dhuwit
Bareng akeh gak digowo mati

79
Walang kadung ilang omahe
Wis kesandung dadi gawe
Gupak pulut ramangan nangkane 
Pulut katresnan gemati anane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar