Minggu, 31 Agustus 2014

Kitab Songgolangit 160-200



160
Bubuk tape arane ragi
Dowo umur dahar bayem
Gandeng wadon ndang dirabi
Rabi loro atine ayem

161
Ati sumpek digowo turu
Nandur suket pakan sapi
Menyang laut podo pinuju
Kanggo ngunduh pinaringan Gusti

162
Loro watuk ngunjuk jahe
Dino weton rame pasare
Gampang percoyo tembung jare
Podo getun tembih mburine

163
Jajan apem legi rasane
Kota Malang enak tempene
Getih kito katah cacahe
Ojo nganti crah pungkasane

164
Jogan ombo gawe dolanan
Rame mantenan nanggap tayub
Barikan jajanan ing pinggir dalan
Saget ngeleluri budoyo guyub

165
Bukak  kebon jambu kluthuk
Raden Arjuno pancen ganteng
Sugih bondo ojo umuk
Dunyo brono ora langgeng

166
Menyang tabib golek tombo
Jenang gaplek gantine sego
Dunyo brono cuilno roto
Supoyo rakyat ora sengsoro

167
Lemah lempung digawe kwali
Ojo ngombe banyu segoro
Murah pangan murah rejeki
Bab korupsi wis podo sirno

168
Menyang Papua akeh panganan
Papua ireng kanggo tengeran
Pekoro sepele ojo gegeran
Luwih becik adu pikiran

169
Sabrang segoro ono wigati
Tanduran jagung gantine pari
Marang biyung ojo wani
Mundak kuwalat sadurunge mati

170
Ati adem nyawang menjangan
Seneng lalapan kembang turi
Sugih kewan lan tetanduran
Bakal rejo makmur poro petani

171
Kemayu tenan si prawan sunthi
Pancen seneng nandur uwi
Yen kewan bedo loro dadi siji
Bakal rejo makmur nagari

172
Sumringah gumuyu si aki aki
Ndeleng pupure si nini nini
Sugih panas sugih emosi
Mulobukane podo sing ngerti
  
173
Jangan asem iwak cumi
Mlaku mlaku nang alun-alun
Marang wong cilik ora lali
Bakal duwur derajatipun

174
Menyang sawah manggul pacul
Pacul gowang ketiban gaman
Yen ora mangan asal ngumpul
Bakal ciloko ketinggalan jaman

175
Kenduren kari ora keduman
Pelesir minggu jajah kutho
Ojo ngumpul yen ora mangan
Enggal semebyar jebol deso

176
Adus bareng ono padusan
Jawil sithik ora kroso
Podo bebarengan golek pangan
Liyo bongso liyo negoro

177
Baskoro isuk moncer sumunar
Jenang abang madu mongso
Jongos babu ojo disebar
Bakal nggowo asmane bongso

178
Wong India numpak sekuter
Sekuter siji digowo muter
Bocah pinter dadi dokter
Margo mangan iwak wader

179
Gemah ripah ruwat deso
Umbul umbul prahu segoro
Sirno tenogo sirno negoro
Amargo bumi telas lengo

180
Dadi tamtomo rupane sangar
Sehat badan padang pikire
Enggal golek  tenogo anyar
Sing ora bakal sirno sumbere

181
Sugih cahyo sugih tenogo
Tenogo suryo akeh migunani
Yen seneng tumindak olo
Bakal urip loro kepati

182
Wong mabuk nggawe rusuh
Dahar leko sego kare
Anak pinter margo dawuh
Dawuh carito sakdurunge sare

183
Weteng wareg ora mangan sego
Sego jagung regane piro
Amargo negoro sugih bondo
Tuo sengsoro ora lilo

184
Bumi rusak awale sirno
Wong ayu bakal moro
Budi doyo  kinaryo reganono
Kinaryo apik andalane bongso

185
Sepeda ontel murah ing regi
Montor mabur lali dalane
Howo kotor margo lengo bumi
Napase sesak cedak patine

186
Ngombe jamu seger waras
Longgo jejer ngarep kemade
Yen disiplin ora digagas
Bakal sesak ing dalan gede

187
Lamuk menclok disantap cecek
Turu angler ngedem pikiran
Akeh bayi lahir gandeng bucek
Amergo cemar bumi pidekan

188
Gareng petruk nangis keplayu
Luthung ireng banter swarane
Pikir dhisik ojo kesusu
Getun mburi pungkasane

189
Rondo ayu merak ati
Menyang pasar tuku pete
Ojo nyegah lahire jabang bayi
Yen wis gede ambegane

190
Kotot daging pancen alot
Tuku paku mulosoro wit
Ojo ngundang pabrik racun abot
Yen mung kepengen nandur duit

191
Anak akeh digawe jalaran
Nyepi kemati ing gunung bromo
Dunyone wis siji pikiran
Ojo crah perkoro panemu agomo

192
Tangi isuk nandur pari
Tandur pendhem woh gembili
Katresnan mutung loro ati
Margo bebrayan ora sejati

193
Kulak beras golek bathi
Wit mlinjo jenenge bego
Roso mulyo ora tedak siti
Mung nonton layar urip tetonggo

194
Laku samadhi ngupo jiwo
Dunyo siji dipulosoro
Anak dibojo ora kroso
Amergo cupet pikiran loro

195
Gawe belong ngingu lele
Anak siji digondol wewe
Ojo getun mantu cino bule
Amergo iku pilihanmu dewe

196
Gawe layang ngudo roso
Kembang kantil golek pameget
Urip pisan ojo ngongso
Waton alon asal selamet

197
Mblarak sempal lakune rondo
Dino wengi playune lowo
Pikiran butek digawe dowo
Bakal kesandung keloro-loro

198
Unine bedug gawe goro-goro
Dino riyoyo sungkeman romo
Wis akeh kriyo budoyo
Budoyo males ojo digowo

199
Mili banter banyu kaline
Lalapan seger woh kecipir
Ojo getun tembih mburine
Bakal sirno digowo plesir

200
Mlaku alon mawas diri
Atos tenan wit-e jati
Sinebut Gusti ing tangi wengi
Pangeraniro mugo bakal ngejabahi