Sabtu, 20 September 2014

Kitab Songgolangit 1 - 39

 
1a. 
Corong pabrik kebul kebul
Wernone ireng tanpo sinyaring
Yen kahanan tanah amburadul
Paman tani tangise melengking

1b.
Mas picis rojo brono
Urip sepisan ojo sembrono
Nelayan tanpo doyo
Iwak laut mati tuwo

           2. 
             Wit krambil katah migunani
                  Anak bajang angon gudel
                  Ojo ngandalke monco nagari
                  Kasile pabrik kedah dikendel

                  3. 
                 Godhong jati digawe bungkus
            Kayu jati larang regane
            Tanah subur ilang amergo rakus
            Sebab podo males poro petanine

4. 
Kembang jambe digawe jamu
Sanak kadang ojo njur padu
Donyo brono kudu di angsu
Ojo lali marang anak putu

            5. 
Pentil timun digawe tandur
            Tandur ning jero botol akeh bathi-ne
            Yen arep rejo kudu kondur
             Kondur nagari poro ahli-ne

6. 
Woh kluwek sirno ing jati
Wong ireng digondol wewe
Bejo ciloko kudu digati
Bathi rugi  ojo ditanggung dewe

7. 
Nggagas camilan ono ing pongge
Wit witan tukul sarwo tinandur
Kuli panggul murah upahe
Ajining bongso ono ing batur

8. 
Arum manis legine nongko
Manungso edan seneng beboyo
Otot kuli dudu wojo
Enggal mandego sawentoro

9. 
Anak kucing nyaring swarane
Kucing gering kurang pangane
Yen kuli podo makmur sandang pangane
Biso kasebut joyo negarane


10.
Lapak cilik cupet ing bondo
Aran bihal separo jarane
Yen kuli rejo ing rogo
Mugi lancar usahane

11.
Nyikso kewan ngingu duso
Sungu kidang dirego piro
Purna siswo ora gelem soro
Ning pengen cepet urip mulyo

12.
Nyepak-nyundang solahe sapi
Negoro rejo kakean pari
Ngunjuk tetesing kringet poro kuli
Yen upah dibayar ora ngungkuli

13.
Kucing kebak tikus mati
Dudu tikus ojo ngrikiti
Upah kuli dirego setali
Suwe mundak banjur lali

14. 
Kyai Semar golek bondo
Petruk keplayu ing goro goro
Ojo seneng nggege mongso
Wadyo bolo kudu disopo

15. 
Tanduran subur amergo wiji
Mlungkeri driji arane ali-ali
Uripe soro kudu gemati
Yen duwe bondo kudu ati-ati


16.
Yen manungso urip gumuyu
Asu kucing podo semanak
Sirah mumet ra biso turu
Amergo urip kakean anak

17. 
Ojo nguyahi banyu segoro
Segoro kidul kakean racun
Yen pengen urip mulyo
Ojo ngenteni tetesing embun

18. 
Manuk prenjak ngoceh ing jagan
Welas asih marang sapodo-podo
Urip sengsoro kurang pangan
Amergo dunyo kakean menungso

19. 
Ojo urip nyandang kesumad
Luwih becik nyandang pacul
Amuk banyu bakal ing jagad
Amergo bumi rupane gundul

20. 
Kembang kenongo arum gandane
Manuk perkutut gawe pepirengan
Wis kebak sandang pangane
Marang wong cilik ora kelingan

21.
Tambak bandeng nggowo wayah
Wayah panen akeh rejekine
Kahanan bumi wis owah
Owah soko keseimbangan awale

22. 
Rupo ledhek podo ting clemong
Golek dhuwit kanggo mbandani
Bumi-ne tuwo kudu diemong
Nandur wit witan akeh migunani

23. 
Ki Ageng  nyancang bledheg
Bledheg nyamber golek nyowo
Pil setan gawe gedheg
Awak rusak ojo diterusno

24.  
 Gumuyu dolan ing joganan
Ora pareng tukar paduan
Wetenge ngeleh ora ono panganan
Beras raskin gawe jaganan

25. 
Merak ati nandang mulya
Ati lara digowo nelongso
Banyu resik rawat salira
Raga sehat rejeki teko

26. 
Amung siji cacahe pratala
Urip sedelo ojo digawe ruwet
Nandang mulya ngeleluri jenggala
Hawa-ne resik uripe awet

27. 
Suguh kembang njogo katresnan
Kembang setaman sumebyar ing kuburan
Ayo konco podo njogo kahanan
Tentrem ayem nggowo kemakmuran

28. 
Menyang sawah nyandang arit
Awak sehat dahar mina
Bengawan kotor nggowo penyakit
Mina lara bakal ilang sirna

29.
Ruwat dhusun gawe rejo
Akeh kanca nggowo rejeki
Rakyat makmur tugase negoro
Bondo setitik kudu gemati

30. 
Kuning gading warnane paksi
Paksi garudo lambang negoro
Angkoro murka palahe raseksi
Raseksi siji gawe sengsoro

31
Ngindik wengi ketemu meteor
Meteor wetan bakal nggegirisi
Ngenger urip andap asor
Arep metu kudu permisi

32
Keluk lintang arane nebula
Planet bumi cacahing siji
Isa Al Masih sang gembala
Kirim warta menyang bumi

33
Lintang kemukus muncul ing wetan
Planet mars sumunar wayah isuk
Ngedum banyu ojo gegeran
Sumber banyu ndang dikeduk

34
Plesiran netro menyang Orion
Rasi Orion paling misuwur
Yen langit tipis ozon
Mundak bumi bakal ajur

35
Kumpulan lintang Ursa Mayor
Numpak kapsul jajah jagad
Sirah mumet nganti kopyor
Amergo bojo njaluk pegad

36
Lintang njeblug arane supernova
Bantal guling gawe kelonan
Yen gunung metune lava
Enggal podo golek keslametan

37
Jagad raya ombo lan endah
Metu wengi nyawang lintang
Anak tingkah bapak kepradah
Amergo nakal santune ilang

38
Lengireng susuhing materi alam
Luguring apel amergo gravitasi
Konco teko nggowo salam
Dasamuko lungo ojo ditangisi

39
Jeblug gede awal kaciptane jagad
Jagad cilik kudu diopeni
Yen wong morale bejad
Gawe rusak ono ing bumi




Tidak ada komentar:

Posting Komentar