Senin, 15 September 2014

Kitab Songgolangit 120-159


120
Akeh warto kabur kanginan
Warto wangsit kanggo pepiling
Marang wong mlarat ora kelingan
Arane urip kikir kesinting

121
Jajan pasar akeh warnane
Pasar kliwon rame kahanan
Ora entek bakal kayane
Yen sugih seneng wewenehan

122
Sampah plastik nggowo ciloko
Ciloko siji nggolek konco
Kawit isuk nggolek dunyo
Ancik tuwo bakal mulyo

123
Sopir mabuk nggowo beboyo
Mabuk dunyo ciloko mburine
Bumi makmur nggowo rojo koyo
Urip seneng enteng sanggane

124
Mas picis rojo brono
Tuku karcis nonton balbalan
Ngguyu nangis urip ing dunyo
Pancen iku gawe sandangan

125
Urip pisan dadi kongkonan
Kongkonan setyo ing satuhu
Ayo podo golek wejangan
Wejangan urip minongko guru

126
Nogososro luk telulas
Keris siji gawe warisan
Kenopo urip nggowo melas
Margo rebutan ora keduman

127
Pikiran obah nggowo kepinteran
Njambut gawe golek sandang pangan
Urip pisan njagakno kahanan
Bakal sengsoro ing panguripan

128
Sego gembili pancen miguno
Masak rawon nggowo roso
Ojo umuk dadi taruno
Enggal eling dawuhe negoro

129
Rujak cingur Suroboyo
Getuk lindri soko Lamongan
Pancen dalan akeh beboyo
Yen seneng nyetir banter banteran

130
Turu wengi nganggo kemulan
Pring kayu rojo koyo
Yen akeh omah gede gedean
Rakyate iri nggowo beboyo

131
Menyang kebon panen woh wohan
Kari siji kudu gemati
Marang wong tuo kudune sowan
Mundak akeh sing podo simpati

132
Balung butho gawe tontonan
Nonton wayang karo kemulan
Tandang gawe ojo bosenan
Ora bosen yen digawe tenanan

133
Banyu klopo rasane seger
Klambi batik parang gowang
Sesrawungan ora pareng geger
Konco cedak kudu disayang

134
Samadhi lungguh ngadep wetan
Beras ketan gawe meniran
Ojo wedi yen duwe kekarepan
Asal becik ojo munduran

135
Golek banyu wadah tempayan
Gampang mutung sering tukaran
Awak sehat sumber kamulyan
Mangan iwak nggowo kepinteran


136
Sobo pasar golek bojo
Buto cakil lakune jahat
Yen bumine ijo royo-royo
Howone seger awake sehat


137
Segoro kidul gede blaine
Menyang kantor tandang makaryo
Njambut gawe merak atine
Mundak gede rame ing koyo

138
Moco buku akeh gunane
Buku siji gawe rebutan
Angger urip njupuk amane
Ora bakal akeh tangisan

139
Jaran kimar kulite lorek
Polowijo di gawe bakul
Ati putung ojo mewek
Golek ganti ndang dirangkul

140
Enak seger tape ketan
Omah resik bakal krasan
Buruh ngumpul nggowo kekuatan
Upah sithik gawe alasan

141
Seger tenan rasane degan
Tuku batik nang pasar lawean
Ojo kereng yen dadi juragan
Buruh seneng cepet gawean

142
Kudu digugu dawuhe dokter
Cepet waras nandang gawean
Urip ati ati ora keblinger
Keblinger pisan gawe pengalaman

143
Juru nujum gawe plesiran
Timbang ngganggur  kerjo musiman
Arep rabi kudu sir siran
Supoyo mantep lakune bebrayan

144
Suluk pujangga gawe gondelan
Gondelane ati gadis pujaan
Tangi isuk dadi kulinan
Urip akas gawe kerjaan

145
Menyang kondangan nganggo jarit
Mrambat mlungker wit koro
Kudu kendel dadi prajurit
Prajurit kuat pagere negoro

146
Poso mutih cacahe  sesasi
Juru mudhi kapal phinisi
Sering sowan  bopo resi
Mundak ilmune nggowo prestasi

147
Cino sugih sobo klentheng
Juru silem golek mutioro
Urip pisan digawe seneng
Ora seneng golek perkoro

148
Temu ireng digawe jamu
Jamu botol ider deso
Yen cukup gugah lan turu
Awak sehat bakal diroso

149
Ledhek kethek nabuh genderang
Pupur tebel golek dhuwit
Yen urip seneng perang
Bakal bumi sugih mayit

150
Bebarengan nggawe trasi
Geguritan nggowo boso
Atos tenan atine politisi
Nggembol tai ora kroso

151
Panen tomat bebarengan
Tomat bosok ora dipanen
Ati ayem mirengake klangenan
Gending lawas ukoro sanepan

152
Selokan buntu gawe gegeran
Banyune utah sadalan-dalan
Seneng selak sugih tukaran
Seneng padu ngumbar rasan-rasan

153
Sedekah bumi gawe tengeran
Gunungan gede ngusung polowijo
Ora gampang dadi pangeran
Noto lelaku ben negoro rejo

154
Kali cilik arane lepen
Sego kuning gawe barikan
Luwih becik sobo pesapen
Golek sepi nggowo kebecikan

155
Tuku tape nang Panarukan
Alam dunyo guru sejati
Pesarean dudu nggone penjalukan
Nginget urip sadurunge pati

156
Jabang bayi nggowo ari-ari
Buto cakil kari siji
Ora enteng dadi politisi
Nandur wirang digowo mati

157
Urip mulyo punggowo negoro
Negoro ombo nggowo tantangan
Golek rejeki sobo segoro
Segoro ombo nggowo panganan

158
Tutwuri handayani
Jajah deso milangkori
Marang wong tuwo ojo wani
Wong tuwo siji bakal malati

159
Tangi isuk menyang sawah
Sawah sakedok digawe bondo
 Doyan ngombe pikiran owah
Bakal ciloko nggawe perkoro

Tidak ada komentar:

Posting Komentar