VII. Memayu Hayuning Pribadi:
1.
(P) Ing samubarang gawé åjå sók wani mêsthèkaké, awít akèh lêlakón kang
akèh bangêt sambékalané síng ora biså dinuga tumibané. Jêr kåyå uniné
pêpèngêt, "Mênåwå manungså iku pancèn wajíb ihtiyar, nangíng pêpêsthèné
dumunúng ing astané Pangéran Kang Måhå Wikan". Mulå ora samêsthiné yèn
manungså iku nyumurupi bab-bab síng durúng kêlakón. Saupåmå nyumurupå,
prayogå åjå diblakakaké wóng liyå, awít têmahané múng bakal murihaké
bilahi.
2.
(P) Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbúh karo uniné bêbasan :
"Sabar iku kunciníng swargå", atêgês marganíng kamulyan. Sabar, liré
mómót kuwat nandhang sakèhíng cobå lan pandadaraníng ngauríp, nangíng
ora atêgês gampang pêpês kêntèkan pêngarêp-arêp. Suwaliké malah kêbak
pêngarêp-arêp lan kuwåwå nampani åpå baé kang gumêlar ing salumahé jagad
iki.
3.
(P) Kahanan donya iki ora langgêng, tansah owah gingsír. Yèn sirå
kêbênêran katunggónan båndhå lan kasinungan pangkat, åjå banjúr rumangsa
"Såpå sirå såpå ingsún", tansah ngêndêlaké panguwasané tumindak dêgsurå
marang sapådhå-pådhå. Élinga yèn båndhå iku gampang ilang (sírnå).
Pangkat sawayah-wayah bisa oncat.
4. (P) Saibå bêciké samangså wóng kang lagi kasinungan kabêgjan lan nampå
kabungahan
iku tansah élíng gêdhé ngucap syukúr marang Kang Pêparíng. Awít élinga
yèn tumindak kåyå mangkono mau kêjåbå biså ngilangi watak jubriyå uga
mlêtikaké råså rumångså yèn wóng dilairaké marang sapådhå-padhané titah,
mbêngkas kasangsaran, munggahé ngrêkså hayuníng jagad.
5.
(P) Åjå sók ngêndêl-êndêlaké samubarang kaluwihanmu, åpå manèh mamèraké
kasugihan lan kapintêranmu. Yèn anggónmu ngóngasaké dhiri mau múng
winatês ing lathi tanpå búkti, dhóngé pakarti kåyå mangkono iku ngêngón
awakmu dadi ora aji. Luwíh prayogå turutên pralampitané tanduran pari.
Pari kang mêntês mêsthi tumêlúng, kang ndongak mracihnani yèn kóthóng
tanpå isi.
6.
(P) "Rumångså sarwå duwé" lan "Sarwå duwé rumångså", iku yèn ditulís
gênah múng diwolak-walík baé, nangíng surasané jêbúl kåyå bumi karo
langit. Síng kapisan nudúhaké watak ngêdír-êdíraké, wêngís satindak
lakuné (polahé), yèn nggayúh pêpénginan ora maèlu laku dudu, samubarang
pakarti nisthå ditrajang wani. Déné síng kapindho pakartiné tansah kêbak
wêlas asíh, wicaksånå ing sabên laku, rumångså doså samångså gawé
kapitunané liyan.
7.
(P) Nadyan wêsi iku kanyatané atós, éwa sêmono yèn wís kêtrajang ing
taiyèng yå bakal êntèk gripís. Sêmono ugå tumrapíng wóng kang kataman
råså mèri, atiné mbåkå sêthithík ugå bakal gripís, awít rumangsa yèn
awaké tansah apês, saénggå kélangan grêgêt lan lumúh makaryå. Wusanané
pêpês atiné kêntèkan pêngarêp-arêp.
8.
(P) Yèn sirå sacårå badaniyah lan rohaniyah têtêp kêpingín bagas
kuwarasan, tansah élingå róng prakårå iki : (a). Tansah jaganên sakèhíng
samubarang kang nêdyå sirå lêbókaké ing tutúk, dithinthíng luwíh dhisík
åpå bakal gawé rusakíng rågå åpå ora. (b). Kulinaknå mikír luwih dhisík
samubarang kang arêp sirå wêtókaké såkå tutúk. Liré pikirên luwíh
dhisík klawan matêng åpå kang bakal sirå wêtókaké iku ora malah gawé
kucêmíng awakmu dhéwé, glarani atiníng liyan åpå ora. Déné yèn ora ånå
paédahé luwíh bêcík åjå kók kojah amríh ora nandhang piduwúng.
9.
(P) Digêndhóngånå dikuncènånå kåyå ngåpå, nangíng wóng iku yèn wís
tinakdír têkan janjiné utåwå ajalé, mångså bakal wurungå. Iki manèh
pélíng kita, yèn kita manungså mono ing atasé badan lan umuré dhéwé ora
kuwåså. Åpå manèh síng múng wujúd barang sampiran kåyådéné drajad sêmat
lan pangkat, kaluhuran, kasugihan, lan kalungguhan. Mula såkå iku åjå
kibír, jubriya lan åjå sók dumèh. Awít isíh ånå panguwåså liyå (Gústi
Allah) kang luwíh kuwåså.
10.
(P) Ngombé lan mêmangan yèn tanpå takêr lan tanpå pilíh-pilíh iku
pancèn biså nêkakaké bilahi. Mula nyandhêt ubalíng kêpinginan ngombé lan
mêmangan kang kåyå mêngkono mau wís atêgês sawijiníng pamarsudi nyêgah
karusakaníng jiwå lan rågå. Wóndéné sranané kang prayogå yaiku påså síng
mêngku ancas pupúr sadurungé bênjút
nyingkiri sadurungé bilahi.
11. (P) Kamulyan lan kanikmataning uríp wóng-wóng kang sugíh dituku måwå tangising rakyat kang mlarat.
12.
(P) Kang kinaran janmå kang wís kadunúngan cíptå kang wêníng iku, yåiku
såpå kang wís têmên-têmên mantêp pangidhêpé marang Gústi Kang Múrbèng
Dumadi. Wóng kang kåyå mangkono mau samångså nindakaké pakarti åpå tå
åpå tansah linambaran ati kang sarwå têpa tulús, kabèh-kabèh amúng
akarånå Allah. Ora cilík ati, gêdhéné ngråså owèt ing kalané wóhíng
panggawéné mitunani awaké dhéwé, nangíng biså gawé raharjané sêsamaníng
dumadi. Kósókbaliné wóng kang nindakaké pangibadah nangíng isih ndarbèni
pêpinginan supåyå diwêruhana lan digawókana déníng Allah, iku pratåndhå
yèn pangidhêpé lan pangibadahé durúng akarånå Allah.
13.
(P) Pambudidayanirå manêmbah marang Pangéran iku prayogané åjå sirå
anggo sarånå ngalab tumuruníng pêparingé, nangíng mligiya nindakaké
panêmbah múng såkå niyat manêmbah. Awít wóng kang nyênyadhóng sihíng
Pangéran sarånå laku panêmbah kathík banjúr nyåtå kalêksanan panyuwuné,
ing adat wóng mau banjúr dadi kêthúl kawaspadané marang kaluhuran lan
kêagungané Kang Múrbèng Dumadi. Aran isíh bêgjå yèn ora banjúr dadi wóng
jubriyå sênêng nyêpèlèkaké marang sêsamaníng dumadi.
14.
(P) Ånå sawènèhíng wóng kang duwé pênganggap mênawa nyênyuwún sihíng
Allah iku ora ånå gawéné. Awít Gústi Allah iku adíl lan Måhå Wuninga
saénggå ora bakal pêparíng marang wóng kang ora pantês nampa ganjaran,
nangíng wóng mau sajak lali yèn Gústi Allah mono Maha Wêlas lan Maha
Asíh. Ugå ana sawènèhíng wóng kang ora prêcåyå marang anané Gústi Allah,
prêsasat ugå ora prêcaya marang anané dhéwé, déné nganti awaké lair ånå
ing donya. Nangíng yèn wóng mau nandhang rêribêd lan nalaré wís pantóg,
adaté tuwúh osikíng atiné yèn Pangéran iku ånå malah banjúr disêsuwuni.
15.
(P) Wóng kang kulina ngéníngaké cíptané kang rêsík ing wayah ésúk,
lawas-lawas banjúr biså ngêningaké cíptané ing wayah bêngi ugå, lan
sangsåyå lawas manèh bisa ngêningaké cíptå ing wayah åpå baé lan ing
ngêndiya baé. Nangíng sabarang pratingkah iku biså dadi pakulinan manåwå
katindakaké kanthi ajêg, sarånå panglantíh kang tumêmên lan ora bosên.
Klawan mangkono sabarang kang mauné rinåså rêkåså lan abót, bakal sírnå.
Mangkono ugå ånå bédané yèn kita kêpingín nanêm wiji kautaman, iya kudu
kita gladhi tanpå bosên.
16.
(P) Yèn pinuju wayah bêngi langité têrang banjúr tumêngåå ing tawang,
kita bakal nyipati sapérangané gêlaríng alam, abyóríng langít kang
sumilak sinêbaran lintang-lintang patíng krêlip, gêdhé cilík kåyå wís
sêngadi tinåtå panggónané, angin sumilír ngobahaké kêkayónan lan
gêgódhóngan kang ngandhút arumíng gandané kêkêmbangan. Síng kåyå
mangkono sayêkti bisa nuwúhaké råså pangråså têntrêm ing ati kitå.
Nangíng luwíh såkå iku, åpå síng kåyå mangkono mau ora ngosikaké kita
tumrap kaluhuraníng Kang Måhå Agúng kang wús mranåtå sakabèhíng mau?
17.
(P) Tumrapíng wóng múrsíd yèn pinuju kambah ing prihatin, nolah-nolèh
ngiwå nêngên wís ora ånå pitulungan manèh kang biså diarêp-arêp têkané.
Parandéné ora bakal kóncadan ing pangarêp-arêp. Awít wís mangêrti mênåwå
tambané prihatín kang ampúh iku ora liyå kêjåbå: sabar. Sabar lan
tawakal nyênyuwún kanthi têmên-têmêníng ati marang kamurahaníng Kang
Måhå Kuwåså kang ngrêgêm sakabèhíng mobah-mosikíng jagad saisiné.
18.
(P) Ala-alaníng kêlakuwané wóng ora kåyå kang sinúng watak "Såpå sirå
såpå ingsún". Margå sèndhènan kaluwihané, êmbúh kêkuwasaané, êmbúh
karósan, sênêng tumindak sawênang-wênang marang kalahané kang wís titå
ora bakal kumawani mancahi gêdhéné nganti wani mbandakalani kêkarêpané.
Wóng kang nduwèni sêsipatan kåyå mangkono mau prayogå énggal ngélinganå
mênåwå laku jantraníng jagad mono wís kinodrat cåkrå manggilingan; síng
wingi ånå ngisór déné sésúk gilír gumanti bakal ngêrèhaké.
19.
(P) Sabên dinå kitå ajêg rêrêsík badan lan pênganggo, kajåbå amríh
bagas kuwarasan ugå katón apík lan ngrêsêpaké. Iki pakulinan kang apík.
nangíng luwíh prayoga manèh yèn jroníng ati banjúr katuwuhan osík : åpå
sabên dinå kita ugå rêrêsík lan ngupakara batín lan jiwå kita amríh
sangsåyå apík lan sangsåyå rêsík såkå sakèhíng rêrêgêd såkå anané
cacad-cacad lan panggodhå. Sêbab yèn badan wadhag kang kênå ing rusak
iku kita gêmaténi, généyå jiwå kitå kang asipat langgêng malah kita
lírwakaké pangupakarané?
20.
(P) Suméndhé ing takdir iku dudu sipaté wóng kang sênêng ulah luhuríng
kêbatinan, nangíng dadi wataké wóng kang lumúh tumandang gawé lan cupêt
nalaré. Luhuríng kêbatinan kudu tansah jumbúh lan laras karo ajuníng
kawrúh lair. Liré, kêbatinan kang luhúr iyå kudu biså ngujudi pakarti
kang luhúr ugå, kang biså njunjúng lan mulyakaké drajadíng nuså lan
bangsané.
21.
(P) Såkå kayungyúníng manungså marang båndhå, sêmat lan drajad anggóné
migunakaké nganti kêrêp nglírwakaké kautaman, nglalèkaké jêjêríng
kamangnungsan. Uripé prasasat kaêsók kabèh ånå ing kono. Ora ngélingi
kêpriyé wusananíng dumadi. Ing jagad pancèn ora ånå wêwalêr wóng
nglumpúkaké båndhå råjåbrånå, janji pikolèhé manút dalan kang bênêr lan
dipigunakaké minångkå prabót prênataníng jagad.
22.
(P) Uríp tanpå gêgayuhan luhúr, bêbasané kåyå lêlawuhan tanpå uyah,
sêpå tan miråså. Gêgayuhan bisané kasêmbadan kudu sinartan ngèlmu,
jalaran ngèlmu mono pancèn sanguné ngauríp, wóndéné ngèlmu iku tinêmu
ing laku lan tandang. Sakèhíng tandang ora bêcík kêlakóné yèn ora mapan.
Liré, bisowå tansah ngélingi marang jantraníng kahanan. Wóng kang
tandang tandúké mapan, angèl kêpèpèté, jalaran yèn mapan mêsthi cêpak
waspadané. Déné waspådå mono sirikané målå lan adóh såkå bêbêndhu.
23.
(P) Sakabèhíng tumindak iku panimbangé manút kawusanané. Mula muríh
bisané sampúrna, sabarang kang bakal dilakóni lan ditindakaké iku luwíh
dhisík thinthingånå lan pilah-pilahna ålå bêciké kanthi wêningé
nalar/pikír. Yèn wís, tumindaké kanthi dugå lan prayogå, sartå måwå têpå
tulådhå. Liré, sabarang patrap mau upamaknå tumrap awaké dhéwé, ilangnå
pangirå-irå tumrap awaké liyan kang durúng disumurupi. Élingå, såpå
kang arêp mbêcíkaké alam donya iku, kudu mbêcíkaké awaké dhéwé luwíh
dhisík.
24.
(P) Ciri-ciriné jiwa kang isih kóthóng mono biså dititík såkå ulat
praupan, tutúr wicara, lan tingkah lakuné kang ora naté gêlêm kalah.
Sabarang tindak-tandúké kêpingín unggúl lan mamèraké kaluwihané, ora
anggèr kaluwihan biså kanggo ngadhêpi bêbåyå lan ngêntas såkå papan
cintråkå. Kaluwihan kang tanpå dilandhêsi kautaman, kênå diumpamakaké
kayadéné wêdhak pupúr síng nèmpèl ing njaban kulít baé, ora biså tahan
suwé lan gampang luntúr margå såkå pakartiné dhéwé, awít nêrak
dhasar-dhasar bêbênêr lan kasucian.
25.
(P) Sabên tumindak sêjangkah ngilowå marang kinclóng-kinclóngé banyu
samudrå síng suthík kanggónan sangkrah, jalaran sakèhé uwúh mêsthi
disingkíraké minggír. Sabên makaryå sapêcak, tuladhanên pakartiné banyu
tritisan, nadyan tumètès mbåkå satètès, ditindakaké kanthi ajêg
kêcónggah mbólóngaké watu síng atósé ngluwihi wåjå.
26.
(P) Såpå kang bisa nêlukaké mungsúh-mungsúhé, dhèwèké diarani kuwat.
Anangíng såpå kang bisa nêlukaké awaké dhéwé, iya dhèwèké iku kang luwíh
kuwat manèh.
27.
(P) Samångså lagi ngadhêpi uríp rêkåså prayogané adhêpana klawan èsêm
gumuyu. Awít iku wus wujúd sênjåtå kang bisa gawé ènthèngíng sanggan lan
bakal numusi muluríng pikír. Nanging yèn pênandhangmu mau tansah kók
adhêpi kanthi ulat kang suntrút adhakané kowé bakal kêntèkan pikír kang
wêníng, wusanané dadi nékat nuruti pokal kang nêrak bêbênêr.
28.
(P) Såpå kang nganggêp åpå baé gampang, mêsthi bakal nêmu akéh rubédå.
Såpå kang gampang janji, iya kuwi kang arang nêtêpi.
29.
(P) Uríp têgêsé mbudidåyå ngêtóg tênågå (bêrjuwang). Uríp níkmat tanpå
angín prahårå pådhå karo sêgårå kang mati. Aku luwíh sênêng ditêndhang,
dilawan déníng nasíb, tinimbang diugúng.
30. (P) Laku jujúr kuwi pådhå karo dhuwit kang biså laku ing ngêndi baé.
31.
(P) Kang bêcík lan ålå, kabèh mêsthi nåmpå pikolèh, sênajantå
kadhang-kadhang nampané cêpêt, kadhang-kadhang alón.
32.
(P) Wóng kang kinaranan bêrbudi iku, yåkuwi wóng síng rumångså tambah
kasíksa yèn nyumurupi sapêpadhané nandhang påpå lan kasangsaran. Runtúhé
råså wêlasé adaté banjúr sinusúl sarånå cucúlé prabéyå lan barang
darbèké. Nangíng pancèn angèl gólèk-gólèkané wóng síng kåyå mangkono
iku. Buktiné ora sêthithík wóng síng mati mêrgå kêwarêgên, apamanèh wóng
síng mati amargå kalirên.
33. (P) Manungså kuwi dadiné bêcík miwiti såkå njêro mênjåbå.
34.
(P) Kang waspådå marang awakmu dhéwé jalaran iyå awakmu dhéwé kuwi kang
mujúdaké mungsúhmu kang palíng gêdhé.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar