16.
(P) Ngèlmu iku kêlakóné kanthi laku, sênajan akèh ngèlmuné lamún ora
ditangkaraké lan ora digunakaké, ngèlmu iku tanpå gunå.
17. (P) Turutên pituturé wóng tuwå.
18.
(P) Wóng kang ora wêrúh tåtåkråmå udånagårå (unggah-ungguh), iku pådhå
karo ora biså ngrasakaké råså nêm warnå (lêgi, kêcút, asín, pêdhês,
sêpêt, lan pait).
19. (P) Wóng pintêr nangíng ålå tumindaké, sênêngé karo wóng ålå.
20.
(P) Wóng linuwíh iku kudu biså ngêpèk ati lan ngêpénakaké atiné liyan.
Yèn kumpúl karo mitrå kudu biså ngêtrapaké têmbúng kang manís kang
pêdhês, sêpêt,bisa gawé sênêngíng ati. Yèn kumpúl pandhitå kudu biså
ngómóngaké têmbúng kang bêcík. Yèn ånå sangarêpíng mungsúh kudu biså
ngatónaké kuwåså pangaribåwå kaluwihané.
21. (W) Åjå panastèn lan åjå sênêng gawé gêndrå, jalaran gawé gêndrå iku sipatíng dhêmít.
22. (W) Åjå sênêng yèn dèn alêm, åjå sêngit yèn dèn cacad.
23. (W) Åjå lali piwulang bêcík.
IV. Paugeran Kebangsaan:
1.
(P) Bångså iku minångkå sarånå kuwatíng nagårå, mula åjå nglírwakaké
kabangsanirå pribadi supåyå antúk kanugrahan adêgíng bangsa kang "Andånå
Waríh"
2.
(P) Nêgårå iku ora gunå lamún ora duwé anggêr-anggêr minångkå
pikukuhíng nêgårå kang adhêdhasar isi kalbuné mênungså salumahíng nêgårå
kuwi.
3.
(P) Kang bêcík iku lamún ngêrti anané sêsantiné ngabdi bêbrayan agúng :
"Ing Ngarså Asúng Tulådhå, Ing Madyå Amangún Karså, Tút Wuri
Handayani".
4.
(P) Nêgårå kita biså têntrêm lamún murah sandhang klawan pangan, margå
pårå kawulå pådhå sênêng nyambút gawé, lan ånå panguwåså kang darbé
watak "Bêr budi båwå laksånå”.
5.
(P) Wadyåbålå pamóng pråjå kang sênêng marang kawulå alít iku dadi
sênêngané pårå kawulå sajroníng pråjå lan bisa gawé kukúh sartå dadi
tamèngíng nagårå.
6.
(P) Pårå mudhå åjå ngungkúraké ngudi kawrúh kang nyåtå amríh biså
kinaryå kuwatíng nagårå, unggulíng bångså, lan biså gawé rahayuníng
sasåmå.
7.
(P) Panguwåså pamóngé nêgårå iku kudu biså gawé têntrêm pårå kawulané,
amargå yèn ora mangkono biså kadadéyan pårå kawulå ngrêbút panguwasaníng
nêgårå.
8. (P) Nêgårå kuwat iku margå kawulané sênêng uripé lan disujudi déníng liyå nêgårå.
9. (P) Lamún sirå dadi wadyåbålå pamóngíng nagårå, åjå sirå dhêmên kuwåså dhéwé.
Jalaran
yèn sirå wís ora kasinungan panguwåså manèh, ing têmbé bakal ndadèkaké
ora kajèníng awakirå ing têngahíng bêbrayan. Ngélingånå yèn sêjatiné
isíh ånå wóng kang biså ngalahaké sirå ing babakan åpå baé.
10.
(P) Déné síng mêngku nagårå ora darbé watak "Bêr budi båwå lêksånå".
Iku biså njalari wadyabålå kang dadi têtungguling prajurít nêgårå kuwi
ora sujúd manèh lan biså ugå kêpingín ngrêbút panguwasaníng nêgårå.
11.
(P) Yèn wóng bêcík kang kuwåså, kabèh kang ålå didandani lamún kênå,
déné yèn ora kênå disingkíraké mundhak nulari (cuplak andhêng-andhêng).
12.
(P) Pêrang iku bêcík lamún tujuwané nggayúh kamardikaníng nagårå lan
bangsané, lan pêrang iku ålå lamún kanggo njarah rayah darbèkíng liyan.
13.
(P) Wóng ålå yèn bisa kuwåså, kang ålå iku diarani bêcík. Kósókbaliné
yèn wóng bêcík kang kuwasa, kang bêcík iku kang ditindakaké.
14.
(P) Wajibíng warganíng nagårå iku kudu biså rumångså mèlu handarbèni,
wajíb mèlu hanggóndhèli. Mulat sarirå hangråså wani.
15.
(P) Åjå sênêng yèn lagi darbé panguwåså, sêrík yèn lagi ora darbé
panguwåså. jalaran kuwi-kuwi ånå bêbêndhuné dhéwé-dhéwé.
16.
(P) Åjå múng kêpingín mênangé dhéwé kang biså marèkaké crahíng nagårå
lan bångså, kudu sênêng rêrêmbugan njågå katêntrêman lahír batín.
V. Paugeran Kaluwargan:
1. (P) Båpå biyúng iku minångkå lantaran uríp ing ngalam donyå.
2. (P) Síng såpå lali marang wóng tuwané prêsasat lali marang Pangérané, Ngabêktiyå marang wóng tuwå.
3. (P) Wóng tuwå kang ora ngudi kabêcikan sartå ora ngêrti m
arang udånagårå (trapsilå, unggah-ungguh) lan tåtå kråmå, kuwi sêjatiné dudu panutané putrå wayah.
4. (P) Såpå síng sênêng uríp têtanggan, kalêbu janmå linuwíh. Tånggå iku pêrlu dicêdaki nanging åjå ditrêsnani.
5. (P) Paribasané tånggå iku pådhå karo båpå biyúng.
6. (P) Tånggå kang ora bêcík atiné åjå dicêdhaki nangíng åjå dimungsuhi.
7. (P) Sadumuk bathúk sanyari bumi ditóh pati. (Unèn-unèn kanggo nggambaraké kasêtyané marang kulåwargå).
8. (P) Mikul dhuwúr mêndhêm jêro. Unèn-unèn kanggo nggambaraké bêktiné anak marang wóng tuwåné).
9. (P) Anak iku minångkå têrusané wóng tuwå, ora ånå katrêsnan kang ngluwihi katrêsnané wóng tuwå marang anak.
10.
(P) Trêsnå marang mantu iku pådhå baé trêsnå marang putrå, jalaran putu
iku wóhíng katrêsnané putrå lan mantu.
11.
(P) Sayojånå iku dóhé sêpulúh èwu dhêpå. Swårå kang krungu nganti
sayojånå, arumíng jênêng ngambar-ambar salumahíng bumi (dialêmbånå).
12. (P) Gólèk jodho åjå múng mburu éndahíng warnå, sênajan ayu utåwå bagús.
13.
(P) Åjå ngaku wóng tuwå lamun wóng tuwamu katón sugíh lan dhuwúr
drajadé, jalaran pangkat lan bandhané wóng tuwamu iku mau bisa sirnå
sadurungé sirå warisi.
14.
(W) Åjå gampang nyêpatani anak nganggo têmbúng kang ora prayogå,
jalaran sêpatané wóng tuwå bisa numusi sartå bisa ngilangaké råså
bêktiné anak marang wóng tuwané.
15.
(W) Åjå mènèhi jênêng marang anak síng kurang pantês, jalaran jênêng
síng disandhang anak bakalé kagåwå nganti dêlahan (akhérat).
VI. Paugeran Kadonyan:
1.
(P) Båndhå kang rêsík iku båndhå kang såkå nyambút karyå lan såkå
pamêtu séjéné kang ora ngrusakaké liyan. Déné båndhå kang ora rêsík iku
båndhå cólóngan utåwå såkå nêmu duwèkíng liyan kang kawruhan síng duwé.
2.
(P) Kadonyan kang ålå iku atêgês múng ngångså-ångså golèk båndhå donyå
ora mikiraké kiwå têngêné, ugå ora mikiraké kahanan batín.
3. (P) Golèk båndhå iku samadyå baé, udinên katêntrêman njåbå njêro.
4. (P) Båndhå iku anané múng anèng donyå, mula yèn mati ora digåwå.
5. (P) Wóng golèk kêmakmuran iku ora kalêbu ngoyak kadonyan.
6.
(P) Båndhå iku gawé múlyå lan ugå gawé cilåkå. Gawé múlya lamún såkå
barang kang bêcík, gawé cilåkå lamún såkå barang kang ålå.
7. (P) Wóng uríp åjå tansah kêpingín båndhå baé, jalaran kasugihan iku ing samångså-mångså biså gawé cilåkå.
8.
(P) Síng såpå tansah ngêgúngaké pangkaté, wirang lamún ånå owahing
jaman. Síng såpå ngêgúngaké bandhané, wirang lamún sírnå bandhané.
9.
(P) Dhèk jaman kunå pêrang iku rêbutan båndhå, nêgårå, lan mbóyóng
putri. Nangíng jaman iku ilang barêng wís ngêrti mênåwå wanitå bóyóngan
mau biså gawé ringkihíng nagårå.
10.(W)
Båndhå iku pêrlu nangíng åjå diumúk-umúkaké, drajad lan pangkat iku
pêrlu, åjå dipamèr pamèraké, jalaran biså mlèsèdaké awaké dhéwé.
11.
(W) Åjå mélík darbèking liyan, margå rêbutan råjåbrånå lan wanita iku
biså gawé congkrahíng pårå sujånå lan gawé nisthaníng ati.
12.
(W) Åjå sênêng mamèraké båndhå lan ngêgúngaké pangkat, sêbab båndhå
biså lungå, drajad/pangkat bisa oncat.
13.
(W) Åjå sênêng marang wóng kang ngujå håwå napsu margå akèh bandhané.
Jalaran båndhå mau bisa gawé cilåkå amargå durúng mêsthi båndhå kang
rêsík.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar