35.
(P) Manungså kang múng ngélingi marang pakartiné pancadriyané mono
bakal tansah kasinungan råså dhêmên utåwå sêngsêm. Såkå Råså Dhêmên
banjúr kathukúlan råså mélík, såkå råså mélík munggah dadi nafsu, såkå
nafsu banjúr nasar pakartiné lan sírnå bêbudèné síng wêkasané tumiba ing
påpå, nandhang kasangsaran.
36.
(P) Wóng juwèh, kawruhé tumèmpèl ing lambé, kumrêcêk ngêbaki ing
pasamuwan, katút samirånå mrånå-mréné. Bédå karo wóng mênêng, kawruhé
sumimpên ånå ing ati wêníng. Wêtuné ora sarånå lambé, nangíng katampanan
ing pucukíng pèn, mili ambèr ing kêrtas putíh, rinasakaké ing wóng
sajagad.
37.
(P) Amríh uríp kita tansah nêmóni rahayu, åjå kêndhat nggêgulang nandúr
cíptå utåmå sajroníng ati sanubari kita sinartan panyuwunan kang
manthêng marang Gústi Kang Måhå Wêlas lan Måhå Asíh, mugå pinaringan
nugråhå biså ndarbèni ati kang wêníng lan jiwå kang utåmå. Pancèn ora
gampang wóng ngudi bisané kasinungan cíptå utåmå ngélingi mênåwå
manungså mono mulå wís kêsêrênan sipat apês lan lali. Sók ngonowå yèn tå
sawisé nandhang apês lan lali banjúr gumrégah manèh pangudiné åpå déné
ora kêndhat ing panglantihé mantêpå ing kêyakinan yèn Gústi Allah ora
bakal ora ngudanêni panyuwún kitå.
38.
(P) Kawrúh lan "Ilmu pêngêtahuan" iku múng biså digayúh lan dikuwasani
kanthi laku kang laras karo åpå kang diwulangaké. Liré, ajaran téoriné
kudu biså dicakaké lan ditrapkaké kanggo karahayóníng bêbrayan. Wóndéné
lakuné mono kudu sinartan tékad kang gilíg lan kêkarêpan kang tulús lan
mantêp kinanthènan katêguhaníng iman, kanggo ngadhêpi sakèhíng panggodhå
sartå nyingkiri sikêp laku kang sarwå dudu.
39.
(P) Banyu iku bisaníng bêníng yèn wís mênêp. Sanadyan mauné buthêk,
nangíng yèn wís mênêp, iyå banjúr bêníng. Sêmono ugå tumrap pêpinginan
utåwå gêgayuhan yèn diudi nganti katóg lan mênêp ing têmbé ugå bakal
kasinungan sifat bêníng. Liré, nadyan pêpinginan lan panggayu bisa
kalêksanan klawan tumuli, éwå sêmono yèn ditlatèni suwéning suwé ugå
bakal kasêmbadan.
40.
(P) Yèn kêpingín nglungguhi pangkat kang dhuwúr luwíh prayogå yèn
dikawiti såkå kalungguhan kang êndhèk dhéwé. Awít klawan mêngkono ing
têmbé kowé ora bakal gampang disêpèlèkaké déníng bawahanmu. Lan kang
utåmå yaiku kowé nuli biså madêg dadi pêmimpín kang biså nglungguhi ing
kawicaksanan, adóh såkå watak dêgsurå, anané múng sarwå kêbak råså têpå
salirå.
41.
(P) Ginubêl déníng råså "Tansah kurang marêm" marang asilíng pakaryan
utawa jêjibahan kang diayahi, saugêr ora ngångså-ångså, sayêkti malah
dadi pamêcút kang bêcík kanggo luwíh maju. Nangíng yèn råså tansah
kurang marêm mau ngênani wuwuhíng donyå-brånå, ora bédå kåyådéné rêridhu
síng èsthiné múng tansah rinåså kayadéné pasiksané ngauríp.
42.
(P) Élingå, mbésúk yèn wís tumêkaning janjiné ora kênå ora, badan
wadhag lan sabarang kalír kang kita darbèni iki bakal kita tinggalaké
kabèh, ora ånå kang kitå gåwå mênyang alam kalanggêngan. Mula åjå bangêt
nggónira katrêm marang kadonyan. Åpå manèh, såpå kang tansah
ngêgúl-êgúlaké marang donyå branané lan gandrúng marang pêpinginan kang
ora langgêng, èsthiné ora bakal bisa nêmókaké kahanan kang biså gawé
langgêngíng kasênêngan lan katêntrêmaníng ati.
43.
(P) Batiné wóng kang bisa ndarbèni ati nriman iku tansah ayêm lan
têntrêm, margå satingkah laku tansah linambaran kêyakinan kang kandêl
marang kadar pêparingé Pangéran. Nriman ora têgês wis marêm åpå anané,
nangíng suwaliké kêpårå malah sungkan mênêng. Múng baé ora grusa-grusu
kåyå tumindaké wóng kang nduwèni sipat ngångså-ångså kåyå ora gêlêm
ngakóni karang anané pandúm.
44.
(P) Abót-abóting cobå tumraping ngauríp iku malah ora kåyå wóng kang
lagi kêbyukan sihíng Gústi Allah. Yèn lulús såkå pandadaran biså dadi
manungså kang kajåbå gêdhé síh kadarmané ugå wicaksånå laír batiné.
Nangíng yèn tå ora têgúh imané, wóng kang lagi kabómbóng ing donyå artå
lan kêladúk rumångså sarwå kuwagang mbêndúng sêgårå njugrúgaké gunúng
mau istingarah bakal kóncatan kawaspadané. Kêjåbå lali marang sangkan
parané ugå lali yèn sakèhíng drajat lan sêmat dalasan têkan nyawané
dhéwé pisan iku múng lugu barang titipan kang sawayah-wayah bisa
dipundhút bali déníng Kang Kagungan.
45.
(P) Ambudidåyåå ing båndhå manút sakatógíng tênågå nangíng åjå lali
kinanthènan tékad lan sêdya yèn sapérangan bakal kita tanjakaké kanggo
nindakaké pangibadah. Élinga yèn pati iku lawangíng akhérat, déné laku
ngibadah iku kang biså dadi sarånå nggampangaké manungså tumêkané marang
ing lawang mau kanthi råså pangråså tobat lan sumarah. Suwaliké, jiwå
rågå kang ora kanggo tobat nalangsa ing Gústi Allah iku ora bédå kåyå
anggané båndhå kang ora dijakati lan ora ditanjakaké kanggo pênggawé
kabêcikan.
46.
(P) Yèn sirå pinuju nandhang bagas kuwarasan, élinga yèn nalika kênå
ing lårå, supríh sirå têtêp bagas kuwarasan kanthi sêsirík
prakårå-prakårå kang mbiyèn nyêbabaké lårå. Yèn ing nalikå sugíh, élingå
yèn kêna ing pêkír, lêkas síng kåyå mêngkono mau kanggo ngawékani amríh
sira ora gampang kadunungan pikiran sênêng pamèr lan sêsóngaran.
Kawruhånå, iku kêpårå nudúhaké pratåndhå yèn dhèwèké iku sêjatiné wóng
kang tunå ing råså wêlas asíh lan miskín ing kawrúh.
47.
(P) Kitå manungså iki ora kênå tansah ngantu-antu têkané wêktu kang
bêcík, jêr wêktu kang bêcík iku sêjatiné kudu kitå dhéwé sing gawé. Kitå
kudu tansah élíng yèn sabarang tingkah lan tandúk kitå ing dinå kang
siji iku nggåwå kêputusan tumrap dinå sijiné. Déné dinå kang pungkasan
iku kang mutúsaké sakabèhíng wêktu lan dinå-dinå kang wis kapungkúr.
Mulå sadurungé kitå tumapak marang dinå pungkasaning uríp, dipådhå biså
nglungguhi marang jêjêríng uríp manungså.
48.
(P) Wóng nandhang lårå mono akèh síng mêrgå anggóné ngombé lan mêmangan
kliwat takêr lan tanpå pilíh-pilíh. Mulå kanggo nyandhêt ubalíng håwå
marang bab sakaroné mau, dibiså marsudi nyudå nuruti kêcaping lidhah
sarånå nglakoni påså kang mêngku ancas nyingkiri sadurungé katamaning
bilahi.
49.
(P) Wóng kang lagi kasinungan kabêgjan lan kamúlyan iku dibiså marsudi
amríh langgêng, åjå banjúr kalimpút watak jubriyå lan sêmbrana sing
sisíp sêmbiré biså kêjlungúp tibå ing kasangsaran. Yèn wís mangkono múng
råså gêtún lan piduwúng sing kari ing pamburiné.
50.
(P) Håwå napsu lan watak angkårå iku sawutuhé manjíng ing dhiri
pribadiné dhéwé-dhéwé. Yèn diumbar ngrêbdå bakal gawé "Bêncånå lan
kasangsaran". Suwaliké yèn bab mau biså dikêndhalèni bakal njílmå dadi
watak "Sabar lan prasåjå", tulús éklas awèh pangapurå marang
sapådhå-pådhå síng gawé kaluputan.
51.
(P) Tapaning ati iku múng têmên, yèn tapaning nyåwå múng élíng. Síng
såpå bisa élíng sêdinå sêpisan baé, adaté barang kang sinêdyå bakal ånå.
Síng såpå têmên salawasé, kabèh pangajabé bakal kêcandhak. Déné kang
aran sêjatiníng katêmênan iku sakabèhíng pakarti kang ditindakaké klawan
madêp mantêp tanpå mandhêg-mangu lan tolah-tolèh, saénggå sabarang
kêkarêpané bakal ginayúh.
52.
(P) Wóng iku yèn lagi nandhang lårå lagi biså ngrasakaké sêpirå munggúh
bêgjané wóng kang kanugrahan awak kang tansah kuwarasan. Nangíng
suwaliké, wóng síng awaké sêgêr waras lumrahé lali rêkasané wóng lårå.
Sangsåyå adóh kélingané, sangsåyå cêdhak anggóné ngumbar håwå nuruti
pêpinginané mripat, ilat, lan têlíh (wadhúk, wêtêng) kang sêjatiné
ngajak marang rusakíng rågå. Mulå prayogané tansah élinga pêrihíng lårå
kanthi nggêmatèni kanikmatan kang wís diparingaké déníng Gústi Allah tan
kêna kinayangåpå ajiné, yaiku wujúd awak kang bagas kuwarasan.
53.
(P) Manungså pinaringan déníng Pangéran péranganíng awak kang
kalarasaké karo gumêlaríng bêbrayan. Pinaringan mripat loro, pêrluné
supåyå akèhå kang didêlêng, yå kang ngênani ubêr ingêring alam, ålå
bêcikíng kahanan, lan owah gingsiríng jaman. Liré, supåyå linarasna
kanthi lantipíng panggraitå. Pinaringan kupíng loro, murih akèhå swårå
kang dirungókaké, nuli kathinthingana lan kasaringa kanthi lungidíng
panyiptå lan alapên kang awèh pakolèh. Pinaringan tangan loro, sikíl
loro, supåyå akèhé kang ditandhangi, pilihên kang murakabi kanggo
bêbrayan agúng.
54.
(P) Pancèn ora ånå wêwalêr ing jagad iki tumrapíng wóng kang
nglumpúkaké donya brånå. nangíng kitå kudu tansah élíng yèn donyå brånå
mono dudu panggónané kalanggêngan. Nabi Muhammad wús paríng sabdå: "Ora
prayogå ninggalaké kadonyan margå nglakóni akhérat. Nangíng jênêng wóng
kang nisthå såpå kang ninggalaké bab akhérat margå múng golèk donyå
brånå tanpå waspådå marang pungkasaníng dumadi."
55.
(P) Brangating ati sabiså-biså kêndhalènånå, åjå diububi nganti muntab
dadi ubalíng nêpsu. Kåyådéné nyirêp gêni sarånå lêngå. Napsu amarah mono
isíh têtêp bakal tansah mbêbêdhag sêlawasé yèn tå ora kinanthènan
pikiran kang mênêp, lan ati kang élíng. Élingé ati lan mênêpíng pikír
bakal numusi muluré budi kang tundhóné biså dadi panyirêp sakèhing
pakartiníng sétan.
56.
(P) Wóng kang ringkíh iman lan batiné bakal gampang dadi jujugané
dúrjånå apús-apús kang patíng sliwêr golèk mangsan. Pirang-pirang kèhé
wóng kasêlak pêrcåyå rêmbúg pangimíng-imíng ora pinikír bakal kêdadéyané
ing têmbé. Wusanané nandhang kapitunan lan kênå ing apús. Mula ditansah
waspådå, åjå lirwå ing kaprayitnan.
57.
(P) Samångså-mångså thukúl plêtikíng pikír kang kasarung déníng ubalíng
nafsu ålå, yogyané sumênêpnå sauntårå. Yèn biså kåyå mangkono karan
wóng wicaksana, jalaran kêjaba biså nglêrêmaké ati kanthi mênêpíng
pikirmu ugå bakal kêcónggah nyirêp ubalíng nafsumu mau. Wusånå rahayu
kang tinêmu mêrgå biså sumingkír såkå mêmålå kang têkå arêp ngrêridhu
awakmu.
58.
(P) Wóng kang sêngsårå uripé jalaran ånå róng warnå. Kapisan såkå
kaluputané dhéwé, kang kapindho mêrgå såkå pokalé dhéwé. Síng kapisan
iku paribasané tanêm tuwúh kang tansah kodanan lan kêpanasan ora
diopèni, déné síng kang kapindho paribasané tanêm tuwúh kang tansah
diapèk asilé nganti ora kobêr thukúl gódhóngé.
59.
(P) Yèn sirå uríp ing alam donya iki rumångså nampå pandúm
kêsêthithikên iku wís dadi pêpêsthèné urípmu, ora pêrlu mbók murinani.
Pamurinamu prayogå lipurên sarånå mawas lêlabuhanmu dhéwé, jêr lêlabuhan
ing alam donya mono dadi trajuníng akèh sêthithiké pandúmmu.
VIII. Memayu Hayuning Budi Lan Tekad:
1.
(P) Yèn gêlêm nalusuri sêjatiné ora sêthithík piwulang lan pitutúr
bêcík kang malah kitå tampå såkå wong-wong gawané nacad lan ora dhêmên
marang kitå, katimbang mitrå katrúh rakêt kang tansah ngalêmbånå. Awít
panacad bisa nggugah kita nglêmpêngaké laku, déné pangalêmbånå kêpårå
biså nyêbabaké wong kêrêp dadi lali.
2.
(P) Manåwå kowé durúng mangêrtèni marang bab kang kok anggêp ora bêcík,
åjå kêsusu ngatonaké råså sêngítmu, gêdhéné nganti maoni lan nglairaké
panacad. Awít kawruhana yèn pikirané manungså iku tansah mobah-mosík lan
molak-malík. Åpå kang kok kirå ålå lan kok gêthingi iku ing têmbé mburi
biså malíh kok sênêngi, kêpårå malah biså dadi gantungané urípmu.
3.
(P) Karêpé wong nyatúr alaníng liyan iku bêtèké múng arêp nudúhaké
bêciké awaké dhéwé. Yèn síng diajak nyatúr wong kêmplo, pamríh síng kåyå
mangkono mêsthi katêkané. Nangíng tumrapíng wong múrsíd: "Wong kang
ngumbah rêrêgêd ing awaké sarånå migunakaké banyu pêcêrèn malah såyå
nudúhaké blêntongé pambêgané".
4.
(P) Têmbúng kang prayoga kang kêlair múng margå kadêrêng déníng
dayaníng håwå napsu iku pancèn sakålå iku biså awèh råså pêmarêm.
Nangíng sawisé iku bakal awèh råså gêtún lan panutúh marang dhiri
pribadiné dhéwé kang satêmah tansah bisa ngrubédå marang katêntrêmaníng
pikír lan ati. Gunêman sêthithík nagíng mêmikír akèh iku kang tumrapé
manungså bisa awèh katêntrêman lan kråså marêm kang gêdhé dhéwé.
5.
(P) Siji-sijiníng dalan amríh kalêksananíng gêgayuhan, yåiku makarti
kang sinartan kêpêrcayaan lan kêyakinan mênåwå åpå kang sinêdya mêsthi
dadi. Yèn kita múng kandhêg ing gagasan lan kukuhíng karêp baé, tanpå
tumandang lan makaryå minangkå srånå panêbusé, wohé yå ora bédå kåyå
déné ing pangimpèn. Cilakané manèh, yèn sêlaginé nganggít-anggít mau wís
kasêlak ngrasakaké kanikmatané ing pangangên-angên, wusanané dadi lumúh
ing gawé lan wêdi ing kakéwúh (wêdi kangèlan).
6.
(P) Ora bédå karo rob lan surudíng sêgårå, kahanan uripíng manungså iku
ugå ora biså uwal såkå bungah lan susah. Kang pêrlu dicilêngi ing kéné
yåiku åjå kasêlak kêbacút kêrêm kalimpút ing kabungahan lan åjå kasêlak
gampang anglês yèn lagi kapinujon apês. Awít kasusahan iku sok malah
bisa ngêntas kitå såkå kaluputan lan kabodhowan, saugêr insyap marang
dhiriné lan ora mupús, åpådéné tansah pêrcåyå marang Kang Kagungan
Panguwaos.
7.
(P) Mênangi jaman rêbutan råjåbrånå, akèh wong kang pådhå kalimpút,
mèlu-mèlu tumindhak nisthå. Ora élíng yèn sêjatiníng uríp ing donyå iku
ora ngupåyå råjåbrånå baé, nangíng ugå mangèsthi kamúlyan ing têmbé.
Uríp ing satêngahíng godhå rêncånå, nangíng têtêp tumindak utåmå,
prêsasat tåpå ing satêngahíng cobå. Såpå kang santosa ora bakal tumindak
sasar. Mula tansah ngugêmana sêbutíng pitutúr : "Sabêgjå-bêgjané kang
lali nganti kèlu pênggawé sasar, isíh bêgjå kang panggah élíng lan
waspådå têtêp ing panggawé utåmå".
8.
(P) Yèn sirå kasinungan ngèlmu kang marakaké akèh wong sênêng, åjå sirå
malah rumångså pintêr, jalaran mênawa Gústi Allah mundhút bali ngèlmu
kang marakaké sirå kalokå mau, sira banjúr kåyå wong séjé (owah), malah
bisa "Aji godhong jati akíng".
9.
(P) Såpå kang katrêm mêrgå lagi pinaringan kêkuwasaan iku sêjatiné
malah dadi sumbêríng dunungíng wong lali, gampang lirwå ing kaprayitnan,
lan gampang kapilulu ing pakarti dudu. Awit yèn lagi kuwåså, adhakané
banjúr ngångså-ångså kêgêdhèn panjångkå. Kanggo nggayúh panjangkané,
sakèhíng cårå ditêmpúh. Ora maèlu sênadyan nganti mêntålå gawé
sangsarané mitrå karúh. satêmah múng dadi lêlêthêg kang luwíh aji uwúh.
10. (P) Ilat kuwi sawijiníng pêdhang kang landhêp, kang bisa matèni sênajan tanpå ngêtokaké gêtíh.