11.
(P) Ora ånå critané wóng kêjungkél iku margå kêsandhúng watu gêdhé,
síng mêsthi mêrgå kêsandhúng watu síng cilík. Yèn tatuwå yå margå såkå
watu krikíl-krikíl síng lancíp-lancíp. Bab mau awèh pitudúh supåyå kitå
åjå nyêpèlèkaké marang barang síng katóné sêpélé ora mingsrå, nagíng
sêjatiné kêpårå malah gampang dadi dhadhakané wóng njungkêl njêmpalík
tibå ing påpå.
12.
(P) Wóng sugíh síng lumúh kélangan bandhané nadyan kanggo kêpêrluwané
dhéwé iku ora liya sababé margå tansah kuwatír yèn dhèwèké tibå ing
kêmlaratan. Nangíng ora ngêrtiya yèn dhèwèké ing wêktu iku sêjatiné wis
pådhå karo wóng mlarat. Uripé kêpårå luwíh sangsårå katimbang wóng
kêsrakat, kang batiné tansah ora narimakaké marang adilíng Kang Múrbèng
Dumadi.
13.
(P) Dêrêng nêdyå pamèr utawa riyå iku têrkadhang munculé dadakan
kåyå-kåyå tanpå rinåså ing nalikå kitå pinuju sêsrawungan karo wóng
liyå. Mulå prayogå kita tansah waspådå ngêndhalèni dhiri. Déné kang
kinaran dêrêng utåwå nafsu sênêng pamèr kang gampang dinêlêng lan
sinêksèn déníng wóng liyå iku aran riyå kang pratélå (cêthå), utåwå
ngêdhêng. Bêcík kitå singkiri. Wóndéné dêrêng sajróníng laku panêmbah,
arang kang disumurupi wóng liya. Luwíh-luwíh yèn lagi kapinuju ånå ing
papan kang sêpi. Sók ngonowa élinga, yèn Gústi Allah iku tansah
ngudanèni.
14.
(P) Kabèh salakuné (tumindaké) wóng bodho iku ésthiné nggawé híkmah lan
piwulang bêcík tumrapíng wóng kang ahli budi. Awít såkå samubarang kang
ora bêcík kang dilakoni wóng bodho déníng pårå ahli budi banjúr kari
ngêmóhi lan dadi pandóming uríp kang pêrlu disiriki lan disingkiri.
Suwaliké wóng bodho sungkan nyuplík lêlakón bêcík kang dialami pårå ahli
budi. Mulå ora jênêng aèng yèn akèh pårå bodho síng uripé têtêp
kasurang - surang lan pårå ahli budi kang tansah rahayu ing uripé.
15.
(P) Åjå sók rumangsa tinitah apês nganti gawé pêpêsíng sêmangatmu.
Malah prayogå dinarimå marang åpå kang wis sirå tampå såkå kanugrahaning
Gústi Kang Maha Kuwåså. Awít ngélingånå mênåwå ora kurang-kurang titah
kang luwih cingkrang lan luwíh cacad tinimbang sirå, suprandéné dhèwèké
babar pisan ora kawêtu nutúh marang Gústi Allah. Kang mangkono mau ora
liyå margå såkå kandêlé imané lan yakín marang kêadilaníng Pangéran Kang
Måhå Kuwåså marang sakabèhíng lêlakón kang dumadi ing jagad raya iki.
16.
(P) Ngalêmbånå lan panacad iku pådhå baé panindaké. Liré, tarikané
napas pådhå, kêdalíng ilat pådhå lan obahíng lambé yå pådhå. Sók ngonowa
najan rêkasané utåwå gampangé pådhå, nangíng olèh-olèhané utåwå wóhé
síng ora pådhå. Ing ngadat kêjåbå sók adóh sungsaté, ugå malah sêríng
kósók balèn. Sing siji biså ngrakêtaké pasêduluran sijiné pådhå baé karo
golèk dadakan nandúr råså mêmungsuhan.
17.
(P) Åjå ndarbèni pêpinginan dadi wóng kang linuwíh kang ngandhut
idham-idhaman supåyå sarêmbúgé diandêlå wóng akèh. Luwíh prayogå tansah
njågå baé barang rêmbúgira kanthi bêcík, patitís lan maédahi. Karo manèh
tindak tandúk kang ngrêsêpaké, luwíh-luwíh kang bisa awèh paédah marang
wóng liyå iku ajiné ngungkuli sakèhíng pitutur kang ndhakík-ndhakík
nangíng kang durúng kabuktèn ånå ing panindak. Mulå kuwi tansah udinên
amríh wêtuníng rêmbúg "Kêplók lumah kurêpé" karo tindakirå.
18.
(P) Kang kinaran manungså winasís yåiku wóng kang wís kaconggah
mbênêraké tindak kang mlèncèng. Déné asór-asóring budiné manungså iku
ora kåyå wóng kang mlèncèngaké tindak kang wús bênêr. Adaté sipat kåyå
mangkéné iki thukúl margå kasurúng déníng ati drêngki srèi. Kamångkå
såpå kang ngadani ati drêngki lan panastèn iyå ing wêktu iku dhèwèké
wiwít nyikså ing awaké dhéwé, lan uripé ora bakal bisa têntrêm.
19. (P) Samangsané kowé diclatu wóng kanthi sêngak åjå kók walês sanalika
kanthi
têmbúng (rêmbúg) kang sêngak lan atós. Prayogå tanggapana måwå pakarti
kang alús lan sarèh. Jêr, yå klawan laku kang kåyå mangkono iku, kowé
bisa ngêndhakaké watakkang panasbaran, lan bisa ngasóraké sipat kang
lagi kasinungan iblís.
20.
(P) Ing ngêndi dunungé pamarêm lan katêntrêman? Sakíng ungêlé mapanaké
råså, nganti mèh ora ånå wóng rumångså marêm lan têntrêm uripé.
Sabanjuré banjúr kêpiyé? Iyå kudu tlatèn ngolah budi. Dóh ånå råså mèri
lan drêngki amríh gorèhing pikír bisa tansah sumingkír.
21.
(P) Têpå slirå lan mawas dhiri iku dadi óbóríng laku nggayúh rahayu,
minångkå jimat paripíh tumraping ngauríp. Munggahé biså nyêdhakaké råså
asih lan ngêdóhaké watak drêngki lan dak-wênang marang sapêpadhané.
Srêgêp mawas dhiri atêgês bakal wêrúh marang kêkurangan lan cacadé
dhéwé, saénggå wusanané thukúl grêgêd ndandani murih apiké.
22.
(P) Kita iki kêjåbå ndarbèni badan wadhag lan pancadriya, ånå siji
êngkas darbèk kitå kang ora kênå ginrayang lan ora kasat måtå, nangíng
ajiné tan kênå kinåyå ngåpå, yåiku osikíng ati kang ajêg ngélikaké kita
marang lurusing laku samångså kita kêtaman plêtikíng cípta ålå, munggahé
katuwúhan krêntêg nindakaké laku ngiwå. Mulå pomå-pomå, tansah bisowå
ngrungókaké osikíng atimu, awít iku kang ngajak sapari-polahmu tumuju
mênyang karahayóning urípmu.
23.
(P) Nggayúh kaluhuran mono atêgês ngupåyå tataraníng uríp kang luwíh
dhuwúr. Yå dhuwúr ing bab lahiré, ugå ing batiné. Liré, síng murakabi
kanggo dhiri pribadiné, sumrambahé tumrap bêbrayan agúng. Såpå kang múng
mligi nggayúh kaluhuraning lahír baé, atêgês múng mburu drajat, sêmat
lan pangkat. Durúng aran jêjêg uripé. Suprandéné såpå kang múng
ngêmúngaké kaluhuraníng batín, atêgês ora nuhóni jêjêríng manungså ing
alam donya, yaiku tumandang ing gawé.
24.
(P) Akèh wóng kang sadurungé nyobå ngayahi pagawéyan wís dipantók
dhisík sarånå têmbúng "Ah, aku ora biså". Dayaning têmbúng "Ora biså"
satêmah numusi ora biså têmênan. Awít êntèk-êntèkané pocap mangkono iku
atêgês ngapêsaké awaké dhéwé. Luwíh déné manéh banjúr lumúh ing pambudi.
Samubarang kang diudi ora bakal dadi. Kang ora diluru tangèh bisané
kêtêmu. Mulå pêrcåyåå marang dhiri pribadi. Cíptanên kanthi manthêng ing
ati lan énggal makartiyå. Kêkuwataning manungså iku dumunúng sajroníng
cíptå, saugêr sinartanan pamarsudi klawan têmên-têmên. Dayaníng ciptå
cêtha bakal nêkakaké sêdyå.
25.
(P) Aja sók nggrêsulå!, Wruhana yèn pangrêsulå iku sawijiníng målå,
déné panggrêsah mono agawé bubrah. Yèn wís nggrêsah padatané banjúr lali
marang kêwajibané kang kudu diayahi sartå kêmba marang sadhêngah
pakaryan. Síng såpå ésúk-ésúk wís sambat ngaru-årå ing bab ngrêkasané
anggóné uríp, wóng mau prêsasat mbutóni sumbêríng pangupå-jiwané dhéwé.
Ora trimå marang pandúm pêparingé Pangéran Kang Múrbèng Dumadi.
26.
(P) Yèn kowé kêpingín mulyå urípmu, lakónan åpå kang kók gagas-gagas
rikalané kowé nandhang sêngsårå utåwå lårå. Awít ing mångså-mångså kåyå
mangkono mau manungså banjúr kêtuwuhan budiné kang murni, yåiku watak
kang sarwå kêbak wêlas-asíh lan ngêrti sêpirå pêrluné wóng kang tansah
ambudi amríh åjå nganti nêmóni kacingkrangan.
27.
(P) Wóng kang wís kinaran "suksès" iku, yaiku : wóng kang wís ngêtóg
kadibdyané, ngudidåyå nganti kêcandhak gêgayuhan lan idham-idhamané
laras karo kêpinginané. Têkané "suksès" durúng atêgês tamatíng critå,
nanging malah kudu tansah luwíh waspådå, prayítnå lan ngati-ati. Jalaran
adhakané wóng síng wís "suksès" iku banjúr kurang kaprayítnané,
sêmbrånå lan gumampang ing sabarang tumindaké, kang lupút sêmbiré biså
klênggak. Mulå sawijiníng "suksès" iku anggêpan kayadéné sawijiníng
pandadaran kanggo lêstariníng pênggayúh bêcík.
28.
(P) Sabên wóng mono pancèn nduwèni nafsu. Awít tanpå nafsu wóng ora
bakal duwé krêkat kêpéngín maju. Múng baé wóng kudu biså milah-milahaké
nafsu êndi síng kudu dicandhêt, lan nafsu síng kêpriyé síng kudu
diunggar. Nafsu kang bakal nêkakaké bilahi tumraping awaké dhéwé lan
wóng liyå kudu biså dicandhét, déné nafsu kang pêrlu diunggar yåiku
nafsu kang êmpané tumuju marang karahayóníng sapådhå-pådhå.
29.
(P) Hukúm alam wís nêtêpaké, såpå kang nandúr mêsthi ngundhúh. Déné åpå
kang diundhúh iya manut wijiné kang ditandúr. Yèn síng ditandúr winíh
alang-alang, ing têmbé iya åjå ngarêp-arêp yèn bisa bakal panèn pari,
iku gênah nyalahi kodrat. Mulå mumpúng isíh ésúk, nandura wiji cíptå lan
pênggawé kang bêcík-bêcík. Awít élingånå, yèn akèh sêthithík anak putu
kita ugå bakal katut mèlu ngrasakaké paít gêtiré wóng kang bibité
ditandúr déníng wóng tuwané.
30.
(P) Såpå síng duwé panjångkå kudu wani jumangkah, jêr katêkaníng sêdyå
iku múng biså maujúd mênåwå dilakóni lan ora nyimpang såkå katékadané.
Karêp lan sêdyå, jångkå lan panuwún, iku saumpama wóng lêlungan mono
tumuju papan kang arêp diparani utåwå dijujúg. Déné kêkarêpan iku kudu
ånå kanthiné, yåiku nalar utåwå pêcahíng nalar. Jalaran kêkarêpan kang
tanpå nalar iku ora bédå karo karêpé bocah cilík. Kêjåbå tanpå têgês,
ugå sók tanpå wasånå, satêmah ora ånå dadiné.
31.
(P) Sêbab-sêbab kang gawé cilikíng ati lan cêklèkíng sêmangat iku
adhakané dumunúng ing gêgambarané pikiran kang sarwå nguwatiraké marang
lêlakón kang durúng kêlakón, têmahané pikiran dadi pêtêng, lumúh ihtiyar
lan kóncadan grêgêtíng makaryå. Katimbang nyumêlangaké barang kang
durúng biså ginrayang rak luwih bêcík åjå pêgat ing ihtiyar kanthi
nênuwún marang sihíng Kang Múrbèng Kuwasa, jêr iyå múng Panjênêngané
kang múrbawaséså uríp kitå iki. Klawan mangkono istingarah kowé ora
bakal ngédhap ngadhêpi sakèhíng lêlakón.
32.
(P) Kêrêp nggrêsah lan ngrêsulå iku nudúhaké karingkihané tékad.
sênajan dingrêsulanan sêdinå píng pitulikúr, ora biså owah nasibé.
Nggrêsah lan ngrêsulå iku pådhå karo sambat. Wóng sambat iku kênå baé,
nangíng yèn isíh kêdugå åjå dhêmên sambat. Ngrêsulå biså dadi målå,
panggrêsah biså gawé bubrah, déné pisambat iku dalané wóng kang sênêng
mlarat, jalaran sakèhíng gêgayuhan kang disangkani sarånå sambat mono
adaté múng gayúk-gayúk tunå, åpå kang digayúh tanpå ånå kabúl wusanané.
33.
(P) Dhasar prêmati tumraping wóng duwé tékad lan duwé gêgayuhan yaiku
tékad budi santoså. Sarana ndulu kåcåmåtå bênggålå kang kitå alami sabên
dinå, têtêg kawêgigané pikír baé ora mujúdaké gaman pamungkas tumrap
kasêmbadaníng sêdyå. Mulå yèn múng ngêndêlaké marang punjúlíng nalar lan
móncèríng kawrúh baé, tanpå mêngkóni ing budi santoså, atiné gampang
miyar-miyur, gampang kasinungan ing watak sêsóngaran síng adhakané síng
uwís-uwís banjúr kacênthók påncåbåyå, ubayané banjúr mbalénjani.
34.
(P) Ora ånå tindak kang luwíh déníng mbêbayani lan ndrawasi marang
awaké dhéwé, kêjåbå nindakaké pégawéyan kanthi srêmpêng síng juntrúngé
múng ngoyak dêrêngé panguwåså, drajad lan båndhå. Pakarti mangkono adaté
ora mêmpan marang pitutúr bêcík lan panêmuné liyan kang wigati, anané
múng råså mélík kang nggéndhóng lali.
35.
(P) Siji-sijiníng margå amríh kalêksanané gêgayuhan iku yå kudu sarånå
makarti. Yèn kitå múng kandhêg marang ngunggar-unggar karêp lan
nganggít-anggít gagasan baé, tibaníng ênggón múng kåyå ing pangimpèn.
Luwíh-luwíh mênåwå salaginé nggagas-nggagas mau kasêlak kêsusu
ngrasakaké kanikmatané pêngangên-angên, wusånå tumús dadi lumúh ing gawé
lan wêdi ing pakéwúh.
36.
(P) Ngakóni kaluputan iku ora atêgês ngasóraké dhiri. Nangíng
sawijiníng tåndhå yêkti yèn wóng mau wís biså kinaranan maju satindak
ing laku kautaman. Kósókbaliné såpå kang suthík ngrumangsani kaluputané,
atêgês wóng kang ora nduwèni budi pêkêrti. Wóng kang ora nduwèni donyå
brånå iku sinêbut mlarat. Wóng kang ora nduwèni pikiran iku luwíh
mlarat. Déné wóng síng ora kadunungan budi pêkêrti mono klêbu
mlarat-mlaraté wóng.
37.
(P) Kang kók kandhakaké putíh iku durúng karuwan putihíng (suciníng)
ati, biså ugå múng wujúd putihíng pupúr síng kandêl waråtå. Lan síng kók
kandhakaké abang iku durúng tinamtu abangíng (kêkêndêlaníng) bêbênêr
nangíng biså ugå múng abangé lambé kang kêcónggah njlómpróngaké marang
jurang kang jêro. Déné síng kók kandhakaké rêsík, iku durúng mêsthi
rêsikíng ati, nanging adaté múng wujúd rêsikíng sandhangan rinênggå ing
sotyå abyór kang biså mblêrêngaké mripat.
38.
(P) Ngunggar wêtuníng kêkêndêlan síng múng kadêrêng såkå dayaníng
pangójók-ójók iku kêrêp ora murni. Tandang lan trajangé kang akèh banjúr
múng kabróngót panasbaran. Wusanané malah sók bakal nunjang palang,
bêbathéné kósók balèn karo kang sinêdyå. Mulå minångkå gêgóndhèlané
kapitayan, kêkêndêlan iku prayoga kadhasarana råså sumungkêm marang Kang
Múrbèng Dumadi, niyat lêladi marang sapêpadhané titah. Yèn wís mangkono
sakèhíng cak-cakané pakarti mêsthi tansah patitís lan mikolèhi.
39.
(P) Têtêpíng råså kamanungsan iku ora margå såkå kawrúh lan kapíntêran
kang wís dianggêp luwíh luhúr ing salumahé bumi, nangíng múng jalar såkå
kadunungan têlêsíng råså asíh marang sapêpadhaning tumitah. Déné råså
åsíh mau ciniptå såkå patrap anggóné rêkså-rumêkså lan sugíh ing
pangapurå sartå tansah kinanthênan pangucap lan pasêmón síng bisa gawé
rêsêp lan ora natóni atiníng liyan. Kawruhånå, mênåwå kapintêran kang
ora kinanthènan kautaman iku sêjatiné luwíh mbêbayani tumrapíng bêbrayan
katimbang karo bodho kang linambaran ing budi rahayu.
40.
(P) Nglêngkårå wóng biså luwar babar pisan såkå panggodhå. Sêbab,
sumbêré panggodhå iku ora liyå iyå múng såkå awaké dhéwé. Sing såpå múng
nyingkiri panggodha kang kasat måtå baé, ora dibêdhól têkan óyód-óyódé,
adhakané bakal kêtaman pakéwúh lan godhå kang luwíh gêdhé manèh. Sók
ngonowå yèn wóng tlatèn lan sarèh, kanthi kêncêngíng tékad kang gilíg,
mêsthi bakal bisa mêntas såkå rêridhu. Åjå múng mandhêg ing panggrantês,
nutúh awaké dhéwé, åpå manèh yèn nganti nguman-uman marang wóng liyå.
41.
(P) Yèn ing donyå iki manungsané síng sugíh uripé ora mbêthithil,
kêpårå malah dhêmên têtulúng marang kang kêcingkrangan, déné sing duwé
kêpintéran adóh såkå karêp kanggo mintêri liyan, kêpårå malah dadi papan
jujugané wóng têtakón, gênah kahanané donyå bakal ayêm têntrêm, adóh
såkå rêridhu lan kalís såkå godha rêncånå.
42.
(P) Wóng kang lagi karêjêkèn åjå kadúk anggóné bungah, kósókbaliné åjå
kadúk nêlångså samangsané nêmahi rêribêd lan nandhang susah, gêdhéné
nganti nggêtuni barang kang wís kêlakón. Awít kadúk bungah mau bakal
ngilangi kaprayítnan, kadúk susah njalari ati tansah kêmbå, lan tangèh
lamún bisa uwal yèn ora dibudèni sarånå tumandang makaryå.
43.
(P) Yèn darbé karêp lakónana kanthi gêmblèngíng tékad kang nyawiji,
adhêpånå sarånå makarti kang madhêp lan mantêp. Sanguné kudu ati síng
tatag, ora ngêdhap nadyan mangêrti yèn dalan kang diambah kêbak parang
curi. Yèn tansah rongèh lan rangu-rangu, atêgês múng wani ing gampang,
wêdi ing pakéwúh, samubarang kang sinêdyå ora bakal ginayúh.
44.
(P) Manungså iku bisa kinaranan uríp yèn isíh duwé karêp lan
pangarêp-arêp.Nangíng yèn karêp mau múng kandhêg ing pangangên-angên lan
gagasan baé, ora bédå manungsa kang mati sajroné uríp. Kósókbaliné yèn
anggóné nandangi karêpé mau kasêlak kêsusu nikmati pikolèhé kang durúng
klakón, gênah anggóné makarti múng anggêr baé. Kêpårå bakal mundúr yèn
ngadhêpi pakéwúh, satêmah dadi wóng lumúh.
45.
(P) Wóng kang kêbak déníng pêpinginan iku adaté banjúr ngångså-ångså,
mulå lakuné ugå banjúr miyar-miyur. Kêpêngkók gawé sêthithík baé síng
digêdhèkaké pangrêsulané, tundhóné atiné gampang pêpês lan nglokro. Bédå
karo wóng kang wicaksana uripé mêsthi måwå tékad lan tujuwan. Bêbasan
tiba kapíng pitu gumrêgah tangi kapíng wólu ngrungkêbi tékad lan
tujuwané.
46.
(P) Anggêr wóng wís mêsthi suthík diarani cupêt nalaré, cilík atèn, lan
kêndho tékadé. Mulané yèn darbé karêp åjå mundúr mêrgå lupút sêpisan
pindho baé, prayogå ambalånå manèh nganti katêkaníng sêdyå. Samubarang
pêgawéyan mênåwå kók têmêni wiwít saiki mêsthi bakal bisa ngundhúh
bagéyan lan kauntungan. Åpå kang kók sêdyå bakal tumêkå, pituwasé lagi
kêtêmu mburi.
47.
(P) Sarupané pakaryan kang wís kók yakini bêcikíng asilé tumuli énggala
katindakna, åjå ngêntèni liyå wêktu. Jêr kêkêncêngan sartå kêkarêpan
iku yèn diêndhé-êndhé ora mundhak kuwaté. Nangíng malah mundhak ringkíh
lan biså ugå ilang dayané. Sipat sênêng ngêndhé-êndhé iku mujúdaké dalan
kang anjóg marang watak ora antêpan lan kêsèd, sungkan ing gawé síng
tundhóné dadi tanpå aji uríp ing bêbrayan.
48.
(P) Wóng kang sinêbút bêrbudi uríp ing bêbrayan iku ora múng wóng kang
rumångså kasíkså nyumurupi sapêpadhané síng nandhang påpå, nangíng wóng
kang gampang runtúh wêlasé kang tinumbalan runtuhíng barang darbèké lan
dêduwèné kanggo têtulúng marang wóng síng kacingkrangan lan kasangsaran.
Nangíng kang kåyå ngono mau pancèn angèl golèk-golèkané. Tåndhå yêktiné
ing alam donyå iki ora sêthithík wóng síng mati margå kuwarêgên, lan
akèh wóng síng mati marga kalirên.
49.
(P) Wóng mono åjå múng tumandang anggêr barès nangíng kanthi laku kang
ora bèrès. Dibiså tansah milah-milahaké êndi síng kêncêng lan êndi síng
nalisír såkå paugêran, sartå kulinakna nyirík marang pênggawé musyrík,
sinúng marang watak tulús lan ngukuhi kajujuran. Kawruhana, mênåwå ora
ånå pusåkå kang ampuhé ngluwihi kajujuraning ati lan wêningíng pikír
kang sêpi ing pamríh. Pamrihé múng sawiji, yåiku mangan karahayóning
bêbrayan, ngluhúraké kamulyaning bangsa lan nagara.
50.
(P) Pangråså, pikiran lan kêkarêpan iku tansah mbudidaya rêbut unggúl
lan rêbút panguwåså anggóné murbå sapari polahé manungså. Pangråså êmóh
diungkuli pikiran. Pikiran sêmono ugå suwaliké. Wóndéné kang móncól
dhéwé sumêdyå mbalap ora gêlêm dipêkak yaiku kêkarêpan. Mulå wajibíng
manungsa kudu biså ngukuhi sifat manungsané. Dèn sranani kanthi
nanjakaké uripé mèlu ngrasakaké lan mêmikír marang ombak umbulíng jaman.
Tumandang ing gawé ngêsthi marang rahayuníng bêbrayan munggahé marang
ajuníng jaman.
51.
(P) Sêlawasé uríp nglêngkårå wóng biså uwal babar pisan såkå panggodha,
jêr panggodhå iku sumbêré ora liya yå såkå awaké dhéwé. Asalé tumuwúh
såkå uwóhíng pikír kang ngayåwårå, banjúr katarík marang kêkarêpan ålå
kang wusanané mbabaraké pakarti nisthå. Såpå kang wiwitané énggal
tumandang nanggulangi panggodhå, bakal mundhak kasampurnané lan patut
sinêbút wóng kang santoså ing budi. Balík kang såpå tansah ngujå
panggoda sêmåyå nanggulangi, kêkuwatan batiné såyå lungkrah, bakalé
bubrah dadi lêlêthêging jagad.
52.
(P) Wóng nandúr pari iku bakal ngundhúh pari, ora bakal ngundhúh jagúng
utawa kacang. Sêmono ugå pikiraníng manungså, ora bédå karo mau. Yèn
pikiran kita tansah kitå kulinakaké lan kitå pigunakaké kang bêcík-bêcík
yå bakal nduwèni dåyå kêkuwatan kang bêcík, satêmah biså awèh pakaryan
kang pêngaji tumraping bêbrayan. Mulå katimbang nggagas kang ora-ora lan
ngayawara, prayogané nggagaså marang laku utåmå lan múlyå. Lan luwíh
utama manèh mênåwå gagasan kang mangkono mau diwêdharaké dadi pakarti
pisan.
53.
(P) Råså was sumêlang iku nêrakané wóng síng arêp nggayúh kêmajuan.
Såpå kang wís kêtaman råså iki salawasé ora bakal biså maju. Ing
sabarang tandang tanduké sarwå tidhå-tidhå lan tansah awang-awangên
ngadhêpi kangèlan kang bakal mêmalangi laku. Kósókbaliné tékad iku rasa
cíptaníng karså kang wís gêmblèng. adi yèn ånå kêpénak lan orané bakal
didhadhagi lan ditêrjang wani. ang pinandêng múng bakal têkaning sêdyå.
Nangíng tékad mono bédå bangét karo nékad, jêr nékad kuwi uwóhíng
pakarti kang tuwúh såkå kajudhêganíng nalar síng tundhóné kêconggah
tumindak nistha, mêrgå kóncadan pêpadhang.
54.
(P) Abótíng abót iku ora kåyå yèn kudu nuruti préntah lan pitutúr. Pait
lan ngrêkåså dikåyå ngåpå préntah lan pitutúr iku prayogå lakónånå baé.
lng suwaliké barang pait mau, kowé mêsthi bakal nêmu barang lêgi síng
ora klêbu ing pêtunganmu. Pancèn luwíh prayogå paité dhisík, tinimbang
lêginé. Awít bisané kowé ngrasakaké lêgi iku rak margå kowé wís
ngrasakaké pait. Biså níkmati kabungahan margå wís naté ngalami nandhang
kasusahan.
55.
(P) Wóng kang múng dhêmên cêlathu lan muni-muni, mangkå ora gêlêm
tumandang gawé, gênah ora sumurúp marang kaluputané cêlatuné, sabab
cêlathu mono múng obahíng ati kang ånå ing lati, dudu obahing tangan
síng kanggo tumandang. Nangíng yèn wís tumandang gawé dhéwé, cêthå bakal
mêruhi marang luputíng cêlathuné. Mulå saibå bêgjané wóng kang biså
cêlathu klawan énggal-énggal tumandang gawé dhéwé.